KONFLIK SAJRONE NOVEL URAN-URAN KATRESNAN ANGGITANE TULUS SETIYADI (Tintingan Sosiologi Sastra)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Konflik mujudake prekara-prekara kang tuwuh sajrone bebrayan masyarakat kang dijalari saka maneka warna prekara kang nuwuhake pro lan kontra. Sajrone novel UUK iki kapilih irah-irahan konflik amarga anane pertentangan saka paraga utama lan paraga liyane kang njalari tuwuhe konflik.
Panliten iki nggunakake tintingan sosiologi sastra, mligine sosiologi sastra sing diandharake dening Wellek & Werren sing munjer marang teks sastra tanpa ngrembug sosiologi pangripta apadene pamaca. Metodhe panliten sing digunakake yaiku metodhe dheskriptif. Sumber dhata panliten iki yaiku novel UUK sing diterbitake ing Lamongan wulan Juli 2016, dene dhata panliten yaiku konflik kang dituduhake lumantar pacelathon sing kedadeyan lumantar tembung, ukara, paragraf, antawacana sarta dheskripsi solah bawa sing digambarake dening pangripta.
Asile panliten iki yaiku: 1) struktur pamangune satra kanthi tema katresnan, paraga utamane Fitri kang asipat sabar lan tetep mbudidaya, lan Kristiono kang tanggung jawabalur, latar/setting , 2) wujude konflik yaiku konflik eksternal antarane paraga utama Fitri lan Kristiono karo Tony, Wahyu, Kyai Misbah, Ibu, lan Pak Gunanto banjur konflik internale yaiku konflik batin kang dialami Fitri, Kristiono, lan Wahyu, 3) cara mungkasi konflik nggunakake cara medhiasi antarane paraga Fitri, Kristiono, Kyai Misbah, Pak Gunanto lan Tony, lan 4) pamawase masyarakat ing kene kang sarujuk anane nikah beda kapitayan yaiku respondhen golongan siswa lan mahasiswa 75%, respondhen golongan pegawai 50%, lan respondhen golongan swasta 60% banjur sisane ora sarujuk anane nikah beda kapitayan iki.
Tembung wigati: konflik, sosiologi sastra
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

