WAYUH SAJRONE NOVEL UDAN ING WANCI KETIGA ANGGITANE TULUS SETYADI(Tintingan Strukturalisme genetik)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Wayuh yaiku nduweni bojo luwih saka siji. Sajrone Agama Islam tumindak kasebut nduweni syarat
yaiku kudu bisa adil, bisa nafkahi lair lan batin, ora lali ngibadah marang Gusti Allah, lan bisa njaga bojobojone
Underane panliten iki yaiku (1) kepriye unsur pamangune sastra sajrone novel UWIK? (2) kepriye
gegambarane wayuh sajrone novel UIWK? (3) kepriye pamawas pangripta ngenani wayuh sajrone novel
UIWK? (4) kepriye pamawase bebrayan ngenani wayuh sajrone kasunyatan sosial? (5) kepriye pamawase jagad
sajrone novel UIWK? mula ancase panliten iki yaiku; (1) Ngandharake unsur pamangune sastra sajrone novel
UIWK; (2) Ngandharake gambaran wayuh sajrone novel UIWK; (3) Ngandharake pamawas pangripta ngenani
wayuh sajrone novel UIWK; (4) Ngandharake pamawas bebrayan ngenani wayuh sajrone kasunyatan sosial; (5)
Ngandharake pamawase jagad ngenani wayuh sajrone novel UIWK.
Metode panliten iki nghunakake metode dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang digunakake yaiku
dhata primer kang arupa novel kanthi irah-irahan Udan Ing Wanci Ketiga, dene dhata sekunder yaiku
wawancara. Tata cara sajrone nglumpukake dhata nggunakake metode studi pustaka lan wawancara.
Asile panliten iki yaiku (1) unsur pamangune sastra kanthi tema wayuh, paraga utamane Priyono kang
nduweni sipat tanggung jawab lan adil, Nuryani sakarepe dhewe, dene Lasmiati perdulen. (2) nuduhake
gegambarane wayuh bisa dideleng saka tumindake yaiku kanthi adil lan iklas, (3) pamawase pangripta ngenani
wayuh yen sajrone agamane diolehi. Wayuh mujudake kamenangan kanggo wong lanang, nanging kudu dipikir
kanthi mateng supaya ora nyesel ing tembe mburine. (4) pamawase masyarakat ngenani wayuh akeh sing ora
sarujuk, nanging kabeh kuwi gumantung takdir saka Gusti. (5) pamawase jagad ngenani wayuh kalebu syariat
Islam sing mujudake sunah Rosul sing ana ing surat An-Nisa ayat 3.
Tembung wigati : Wayuh, Strukturalisme genetik.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

