MAKSIM KERJASAMA LAN PENYIMPANGAN MAKSIM KERJASAMA SAJRONE PACATURAN PARAMAHASISWA KANG KOS ING BABATAN SURABAYA(Tintingan Pragmatik)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Analisis tumrap sawijining kajian pragmatik wis kerep ditindakake ing panliten sadurunge. Aspek
pragmatik mligine wujud maksim kerjasama kang ana sajrone pacaturan para mahasiswa kang kos ing Babatan
Surabaya perlu antuk kawigaten. Pacaturan para mahasiswa nduweni maksud kang temen nanging yen
dideleng saka basane pacaturan kasebut ngemu surasa santai lan akrab, amarga ana saperangan pacaturan
kang ora serius ateges guyon lan eyel-eyelan sajrone pacaturane. Saliyane kuwi amarga akeh banget maknamakna kang ora cetha tur ambigu ing sajrone pacaturan kasebut. Mula, pacaturane para mahasiswa bisa
ndadekake akeh ragame yen dideleng saka aspek pragmatike, mligine ing teori maksim kerjasama.
Underane panliten iki, yaiku (1) wujud maksim kerjasama apa wae kang digunakake sajrone pacaturan
para mahasiswa kang kos ing Babatan Surabaya? (2) penyimpanganmaksim kerjasama apa wae kang
digunakake sajrone pacaturan para mahasiswa kang kos ing Babatan Surabaya? ancas saka panliten iki yaiku
nagndharake lan ndheskripsikake kaloro underan panliten ing ndhuwur.
Teori kang digunakake kanggo ngandharake dhata sajrone panliten iki, yaiku maksim kerjasama Grice
ngenani maksim kualitas, maksim kuantitas, maksim relevansi, lan maksim pelaksanaan. Kanthi lelandhesan
teori kasebut, panliti bisa ngerteni lan ngandharake underan panliten ing ndhuwur.
Panliten iki nggunakake ancangan dheskriptif kualitatif. Tegese dhata-dhata kang kasil diklumpukake
banjur diandharake siji mbaka siji lan dijlentrehake kanthi gamblang adhedhasar maksim kerjasama Grice.
Dhata ing panliten iki, yaiku cecaturan kang dituturake dening para mahasiswa kang kos ing Babatan
Surabaya. Tata cara pangolahe dhata ing panliten iki, yaiku nglumpukake dhata, nranskripsi dhata, klasifikasi
dhata, verifikasi dhata lan analisis dhata kanthi nggunakake tetembungan kang gampang dingerteni.
Adhedhasar asile andharan lan jlentrehan dhata, wujud Maksim Kerjasama sajrone pacaturan para
mahasiswa kang kos ing Babatan Surabaya ana papat, yaiku maksim kualitas, maksim kuantitas, maksim
relevansi lan maksim pelaksanaan. Semono uga penyimpangan sajrone sajrone pacaturane para mahasiswa
kasebut uga ana papat, yaiku penyimpangan maksim kualitas, penyimpangan maksim kuantitas, penyimpangan
maksim relevansi, lan penyimpangan maksim pelaksanaan.
Tembung Wigati: Maksim kerjasama, pacaturan, para mahasiswa.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section
Abstract views: 66
,
PDF Downloads: 49











