BASA HUMOR SAJRONE AKUN INSTAGRAM @DAGELAN_JOWO
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Instagram minangka medhia sosial kanggo mbagekake photo lan vidio, bisa uga digunakake
sajrone interaksi sosial kanggo ngungkapake pikiran lan pangrasa. Basa humor sajrone akun instagram
@dagelan_jowo ngandharake pesan kang asipat kritik kayadene awujud sindiran marang pamarentah.
Panliten iki bakal ngrembug (1) kepriye unsur pambangun humor, (2) kepriye penyimpangan prinsip
kesopanan, lan (3) kepriye fungsi basa humor akun instagram @dagelan_jowo. Tujuwan saka panliten iki
yaiku kanggo mangerteni kepriye unsur pambangun humor, penyimpangan prinsip kesopanan, lan
fungsi basa humor akun instagram @dagelan_jowo.
Teori Humor kang digunakake ing panliten iki yaiku teori humor linguistik, yaiku teori
fonologis, morfologis, lan pragmatis, yen teori pragmatik humor paedahe ana ing penyimpangan
prinsip-prinsip tindak tutur. Panliten iki ngandhut penyimpangan prinsip kesopanan. Teori Leech
(1993:8) yaiku ngenani makna tumrap sesambungane karo kahanan-kahanan caturan, kajian wacana lan
tindak tutur liwat basa lan konteks. Panliten iki nggunakake metodhe panliten etnografi, yaiku salah
sawijine metodhe kanggo nliti basa amarga dhata kasebut asipat valid lan reliable.
Adhedhasar andharan asile panliten ngenani basa humor akun instagram @dagelan_jowo bisa
kadudut: (1) unsur pambangun humor kaperang dadi telu yaiku aspek fonologis, aspek morfologis, lan aspek
semantis. (2) penyimpangan prinsip kesopanan kang dicakake minangka sarana penciptaan humor yaiku
penyimpangan maksim kebijaksanaan, penyimpangan maksim kemurahan, penyimpangan maksim
penerimaan, penyimpangan maksim kerendahan hati, penyimpangan maksim kecocokan, lan penyimpangan
maksim kesimpatian. (3) fungsi basa humor kaperang dadi fungsi komunikatif, fungsi hiburan, fungsi kritik
sosial, fungsi kreatif, fungsi eufimisme, lan fungsi estetis.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

