TINDAK TUTUR NUTURI ANAK ING DESA KALITIDU, KECAMATAN KALITIDU, KABUPATEN BOJONEGORO

Authors

  • NOVIA WIDI MAHARDINI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25p

Abstract

. TTNA dumadi karana panutur nduweni kekarepan menehi wejangan marang mitra tutur jalaran saka bab kang wis ditindakake utawa bab kang durung ditindakake dening mitra tutur supaya bisa dadi pawongan kang luwih becik. Dhasar saka nuturi nduweni sesambungan karo sumber, struktur sosial, relasi sosial, lan kahanan sosial.

                   Punjer panliten iki yaiku TTNA adhedhasar (1) lageyane panutur lan (2) pananggape mitra tutur ing Desa Kalitidu, Kecamatan Kalitidu, Kabupaten Bojonegoro. Adhedhasar punjere panliten, ancase panliten ngandharake lan njlentrehake jinis TTNA adhedhasar lageyane panutur lan pananggape mitra tutur. Paedah teoretis panliten iki yaiku diajab bisa migunani kanggo nyengkuyung pangrembakane basa mligine ilmu pragmatik lan kajian tindak tutur. Dene paedah praktise yaiku supaya asil panliten iki bisa menehi paedah tumrap pangrembakan materi ajar basa Jawa ing pawiyatan luhur, mligine wicara Jawa bab tindak tutur nuturi kanthi dhasar lageyane panutur lan pananggape mitra tutur.

                   Panliten TTNA iki sipate etnografi. Teori sing digunakake yaiku teori tindak tutur Searle banjur disengkuyung teori tindak tutur Levinson. Dhata panliten iki dijupuk saka TTNA kang wis kasil kacathet sawise nyemak saka tuturan warga. Tuturan-tuturan kang kacathet uga sinartan konteks sosial. Sumbere dhata ing panliten iki asale saka rekaman alamiah warga lan cathetan-cathetan ngenani TTNA ing Desa Kalitidu, Kecamatan Kalitidu, Kabupaten Bojonegoro. Tatacara kanggo nglumpukake dhata panliten, yaiku nggunakake metodhe semak lan methode guneman. Tatacara njlentrehake dhata kanthi metode kategoris, deskriptif lan distribusional.

                   Jinis TTNA adhedhasar lageyane panutur diperang dadi papat yaiku (1) blaka langsung, (2) blaka ora langsung, (3) ora blaka langsung, lan (4) ora blaka ora langsung. Dene jinis TTNA adhedhasar pananggape mitra tutur diperang dadi papat yaiku (1) katampa katindakake, (2) katampa ora katindakake (3) katampik katindakake, lan (4) katampik ora katindakake. 

 

Tembung Wigati: nuturi anak, lageyane panutur, pananggape mitra tutur, lan konteks sosial.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-01-12

How to Cite

WIDI MAHARDINI, N. (2018). TINDAK TUTUR NUTURI ANAK ING DESA KALITIDU, KECAMATAN KALITIDU, KABUPATEN BOJONEGORO. Jurnal Online Baradha, 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract views: 82 , PDF Downloads: 125