PAMILIHE TEMBUNG LAN LELEWANE BASA SAJRONE LIRIK LELAGON TAYUB ANGGITANE WAGIRAN PRATAMA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Lirik lelagon tayub anggitane Wagiran Pratama bisa diarani salah sawijine karya sastra kang asale saka kedadeyan sajrone urip bebrayan. Lirik lelagon tayub iki didadekake bahan panliten amarga ditemokake pamilihe tembung lan lelewane basa kang njalari tuwuhe surasa kaendahan.Paedahe panliten iki yaiku kanggo (1) Pangripta: panliten iki dikarepake bisa dadi bebener, lan ningkatake kualitas lelagone supaya ora mung nengenake hiburan wae, nanging uga ngandhut lan ngandharake karya kang mawa pesen, amanat, lan makna, (2) Bebrayan: pamidhangete bisa mangerteni saka isine lelagon lan njupuk makna uga pawarta kang kinandhut banjur ndadekake piwulangan kanggo urip bebrayan, (3) Donyane Pamulangan: panliten iki dikarepake bisa kanggo acuan panyusunan buku ajar kang ngrembag babagan diksi lan lelewane basa.Kagiyatan panliten iki nggunakake metode deskriptif kualitatif. Objek kang digunakake yaiku lirik lelagon tayub anggitane Wagiran Pratama kang cacahe ana 29 lelagon, banjur dionceki kanthi tintingan stilistika. Dhata kang arupa ukara lan tembung iki diklumpukake kanthi cara maca, nyathet lan kapustakan.Asile panliten iki nuduhake aspek kang onja sajrone lirik lelagon tayub anggitane Wagiran Pratama yaiku ing babagan pamilihe tembung pangripta nggunakake citraan kang trep karo isine lirik lelagon tayub lan bisa nuduhake apa sing dadi pamikire pangripta, mula bisa nuwuhake gagasan sajrone imajinasine pamaca. Lelewane basa pangripta nggunakake ukara sinekdoke, ukara personifikasi, ukara pangudarasa, ukara hiperbola lan ukara epitet.Tembung wigati : Pamilihe Tembung, lelewane basa, stilistika
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

