TINDAK TUTUR NGAJAK NGOPI ING KABUPATEN PONOROGO

Authors

  • RIZKY HASTANA ESKANDA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25p

Abstract

Tindak tutur ngajak ngopi ing Kabupaten Ponorogo minangka salah sijine tindak tutur ilokusi direktif kang isih digunakake masyarakat ing Kecamatan Bababan, Kabupaten Ponorogo. Paedah teoritis saka panliten iki yaiku panliten iki diajab muga-muga bisa migunani kanggo panyengkuyung ngrembakane ilmu pragmatik kang wis ana sadurunge lan menehi sumbangsih tumrap ngrembakane sintaksis basa Jawa jinis ukara ngajak, mligine ngajak ngopi. Paedah praktise kanggo dhasar nindakake ngajak, uga kanggo ngrembakane materi ajar basa Jawa ing sekolahan, mligine wicara Jawa.Teori kang digunakake yaiku teori kang diandharake dening Levinson minangka pengembangane saka teorine Searle. Levinson ngandharake yen tindak tutur ditemtokake kanthi cara kontekstual, sosial, lan kultural sing jangkepe dadi skala jarak sosial, status sosial panutur lan mitra tutur, lan tindak tutur utawa bobot imposisi. Jinise lageya pangajakene panutur sajrone tindak tutur ngajak ngopi ing Kabupaten Ponorogo diperang dadi patang perangan, yaiku (1) blaka langsung, (2) blaka ora langsung, (3) ora blaka langsung, (4) ora blaka ora langsung. Jinise pananggape mitra tutur sajrone tindak tutur ngajak ngopi ing Kabupaten Ponorogo uga diperang dadi patang perangan, yaiku (1) nampa kanthi pocapan, (2) nampa kanthi solah bawa, (3) nampik kanthi pocapan, (4) nampik kanthi solah bawa.Tembung wigati: Tindak tutur ngajak ngopi ing Kabupaten Ponorogo, Lageyan pangajake panutur, pananggape mitra tutur, konteks.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-01-25

How to Cite

HASTANA ESKANDA, R. (2018). TINDAK TUTUR NGAJAK NGOPI ING KABUPATEN PONOROGO. Jurnal Online Baradha, 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract views: 44 , PDF Downloads: 54