PENGEMBANGAN MEDHIA EXPLOSION BOX TUMRAP KAWASISAN NULIS TEKS GEGURITAN SISWA KLAS VII SMPN 26 SURABAYA TAUN 2017-2018

Authors

  • NIABATUL WALADIYAH

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25p

Abstract

Para siswa ing jaman saiki akeh-akehe nggunakake basa Indonesia ing cecaturan sabendinane, dadi kanggo nulis geguritan basa Jawa dirasa angel banget. Panliti ing kene milih ngembangake medhia kang bisa mbiyantu siswa lan nyengkuyung asil pasinaon. Medhia kang dikembangake arupa medhia explosion box. Panliten nggunakake modhel pangembangan R&D Sugiyono. Asil uji coba nggunakake I ngasilake thitung (kelas eksperimen) = 17,92ttabel(db=37) = 2,04.thitung (kelas kontrol) = 12,81. Pambandhing asil pre-test lan post-test kelas eksperimen lan kelas kontrol ngasilake thitung = 6,73 ≥ ttabel (0,05 db=74) = 2,000. Asil iki nuduhake yen ana pambeda kang signifikan antarane kelas eksperimen kang nggunakake medhia explosion box lan kelas kontrol kang ora nggunakake medhia explosion box. Asil ing uji coba nggunakake II yaiku ngasilake thitung (kelas eksperimen) = 22,48ttabel (db = 37) = 2,04thitung (kelas kontrol) = 6,68. Pambandhing asil pre-test lan post-test kelas eksperimen lan kelas kontrol ngasilake thitung = 6,28 ≥ ttabel (0,05 db=74) = 2,000. Asil ing uji coba nggunakake II iki uga nuduhake yen thitung kelas eksperimen luwih dhuwur tinimbang thitung kelas kontrol. Asil uji coba nggunakake I lan uji coba nggunakake II nuduhake menawa panganggone medhia explosion box bisa mangaribawani asil pasinaon siswa lan efektif digunakake sajrone proses pasinaon nulis geguritan siswa kelas VII SMPN 26 Surabaya.Tembung Wigati: pengembangan, medhia explosion box, nulis geguritan

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-01-28

How to Cite

WALADIYAH, N. (2018). PENGEMBANGAN MEDHIA EXPLOSION BOX TUMRAP KAWASISAN NULIS TEKS GEGURITAN SISWA KLAS VII SMPN 26 SURABAYA TAUN 2017-2018. Jurnal Online Baradha, 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract views: 137 , PDF Downloads: 155