SESULIH PITAKON ING BASA JAWA BANYUWANGEN
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Sesulih pitakon ing basa Jawa Banyuwangen minangka sesulih kang manjila ing antarane sesulihsesulih liyane sing ana ing basa Jawa Banyuwangen. Bab kang manjila ngenani sesulih pitakon ing basa Jawa Banyuwangen, yaiku blegere kang beda kaya dene basa Jawa baku lumrahe, upamane sesulih pitakon nganggo tembung “ngapa” ing basa Jawa Banyuwangen owah dadi “apuwa”, banjur sesulih pitakon nganggo tembung “kepriye” owah dadi “kelendi”, lan sesulih pitakon nganggo tembung “apa”, dene ing basa Jawa Banyuwangen nganggo tembung “paran”. Sesulih pitakon minangka tembung utawa frasa kang dadi sesulih wangsulan saka pitakon, mula sesulih pitakon iki dumunung sajrone ukara pitakon ing pitakon. Pitakon digunakake kanggo nggolek warta kang durung dimangerteni, kang diarani isine pitakon lan pitakon kang digunakake kanggo negesake, utawa ngukuhake bab utawa prakara kang wis dimangerteni, kang diarani tujuwane pitakon. Adhedhasar jlentrehan kasebut ing panliten iki dipunjerake ngenani sesulih pitakon ing basa Jawa Banyuwangen kanthi landhesan pitakone. Dene undere panliten yaiku (1) jinise sesulih pitakon ing basa Jawa Banyuwangen kanthi landhesan isine pitakon, lan (2) jinise sesulih pitakon ing basa Jawa Banyuwangen kanthi landhesan tujuwan pitakon. Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik dheskriptif kang asipat sinkronis. Dhata sajrone panliten iki yaiku sesulih pitakon, dene sumber dhata panliten iki yaiku ukara pitakon ing pitakon kang nggunakake basa Jawa Banyuwangen. Panliten nggunakake dhasar triaspek sintaksis kang salaras karo teori tranformasi generatif kanggo ngandharake lan njlentrehake dhata. Dhata kasebut dijlentrehake nganggo metodhe dhistribusional utawa agih. Sesulih pitakon ing basa Jawa Banyuwangen kanthi landhesan isine pitakon, lan tujuwane pitakon adhedhasar triaspek sintaksis ngasile 15 jinis sesulih pitakon. Sesulih pitakon ing basa Jawa Banyuwangen kanthi landhesan isine pitakon ana 11 jinis, lan kanthi landhesan tujuwane pitakon ana 4 jinis sesulih pitakon. Tembung-tembung wigati: Sesulih pitakon, isine pitakon, lan tujuwane pitakon.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

