TEMBUNG KRIYA KAHANAN SAJRONE UKARA STATIF ING BASA JAWA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Panliten ngenani tembung kriya ing basa Jawa wis kerep katindakake dening pamarsudi basa.Tembung kriya diperang dadi telu adhedhasar semantik, yaiku tembung kriya aksi, tembung kriya proses,lan tembung kriya kahanan. Panliten iki mirunggan amarga ukara kang ana tembung kriya kahanan isiharang bisa ditemokake pawongan. Akeh sing durung bisa mbedhakake tembung kriya aksi, tembung kriyaproses, lan tembung kriya kahanan. Panliten iki manjila amarga wujude tembung kriya nanging nduwenikalungguhan kahanan. Tembung kriya kahanan diperang dadi 3, yaiku (1) tembung kriya kahananeksperensial, (2) tembung kriya kahanan benefaktif, (3) tembung kriya kahanan lokatif. Panliten ikingrembag ngenani wujud, guna, lan kalungguhan tembung kriya kahanan. Tujuwan panliten iki yaikumangerteni apa wae jinise tembung kriya kahanan ing basa Jawa, banjur dianalisis nggunakake triaspeksintaksis.Teori kang digunakake sajrone panliten iki yaiku teori transformasi generatif sing dumadi sakarong perangan utama, yaiku asumsi teori transformasi generatif lan cara kerjane teori transformasigeneratif. Cara kerjane teori transformasi generatif iki diperang dadi 3 adhedhasar triaspek sintaksis, yaikuwujud, guna, lan kalungguhan.Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik sinkronis amarga basa kang ditliti yaiku basa Jawakang digunakake ing jaman saiki. Panliten iki asipat dheskiptif yaiku njlentrehake dhata panliten iki, yaikuukara kang nggunakake tembung kriya kahanan. Sumber dhatane yaiku ature redaksi kalawarti Jaya Bayataun 2014-2016. Dhata dikumpulake nggunakake metodhe nyemak. Dhata sing wis dikumpuake, banjurdijlentrehake nggunakake cara kerjane teori transfomasi generatif adhedhasar triaspek sintaksis.Njlentrehake triaspek sintaksis nggunakake metodhe agih utawa distribusional. Banjur asile njlentrehandhata disuguhake nggunakake metodhe formal.Pamarsudi basa nduweni panemu yen tembung kriya kahanan ora ana aksi saka jejer. Saka asilpanliten iki bisa didudut yen ora namung tembung kriya pakaryan sing ana aksi saka jejer, tembung kriyakahanan uga nduweni kadar aksi saka jejer. Nalika tembung kriya kahanan solah ana aksi saka jejer,konstituen panyengkuyunge yaiku lesan. Dene tembung kriya kahanan bawa ora ana aksi saka jejer lansing dadi konstituen panyengkuyunge yaiku geganep.Tembung wigati: tembung kriya kahanan, eksperensial, benefaktif, lokatif
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

