SESAMBUNGAN PARADHIGMATIK LAN SINTAGMATIKE TETEMBUNGAN SAJRONE UPACARA PATEG LAYON ING DESA TIUDAN KECAMATAN GONDANG KABUPATEN TULUNGAGUNG
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Tetembungan minangka tembung kang nduweni teges tertamtu gumantung bidhange, kaya bidhang tetanen, pendhidhikan, budaya, ekonomi, kesehatan, olahraga, lan sapanunggale. Salah sawijine yaiku tetembungan ing budaya ngenani upacara pateg layon. Tetembungan sajrone upacara pateg layon iku akeh banget. Tetembungan kasebut sabanjure bakal digoleki sesambungan paradhigmatik lan sintagmatike. Adhedhasar bab kasebut, undere panliten yaiku: (1) Apa wae jinise sesambungan paradhigmatike tetembungan sajrone upacara pateg layon ing Desa Tiudan Kecamatan Gondang Kabupaten Tulungagung? lan (2) Apa wae jinise sesambungan sintagmatike tetembungan sajrone upacara pateg layon ing Desa Tiudan Kecamatan Gondang Kabupaten Tulungagung? Tujuwane panliten iki yaiku ngandharake lan njlentrehake sesambungan paradhigmatike lan sintagmatike tetembungan sajrone upacara pateg layon ing Desa Tiudan Kecamatan Gondang Kabupaten Tulungagung.Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik dheskriptif kang asipat linguistik sinkronis. Dhatane awujud tetembungan sajrone upacara pateg layon ing Desa Tiudan Kecamatan Gondang Kabupaten Tulungagung. Banjur dhata kasebut digoleki jinis sesambungan paradhigmatike. Sawise iku dijlentrehake kanthi jlentrehan perangane teges lan jlentrehan struktur batin kanggo nemtokake sesambungan sintagmatike. Saliyane iku, kanggo mbuktekake metodhe agih (dhistribusional), mligine teknik ganti (substitusi).Asil panliten iki yaiku, tetembungan sajrone upacara pateg layon nduweni patang jinis sesambungan paradhigmatik arupa hiponim, kohiponim, hipernim, lan kohipernime. Asil panliten iki uga nuduhake yen sesambungan sintagmatik nduweni rong sipat yaiku enkapsulatif lan dhistributif. Sipat enkapsulatif sajrone sintagmatik kalebu tembung kang asipat netep sajrone sesambungan paradhigmatik, dene sipat dhistributif sajrone sesambungan sintagmatik kalebu tembung kang asipat ora netep sajrone sesambungan paradhigmatik.Tembung wigati: sesambungan paradhigmatik, sesambungan sintagmatik, tetembungan sajrone upacara pateg layon.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

