DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25pAbstract
Siswa SMP Negeri 4 Mojokerto sajrone piwulangan nulis ukara nganggo aksara murda isish kurang adhedhasar asil observasi lan asil analisis kebutuhan siswa antuk rata-rata 2,09 kang kalebu isih kurang njangkepi kompetensi. Panliti nindakake pengembangan medhia game flash hidden aksara Aksara Jawa kanggo ngundhakake kawasisan siswa nulis ukara nganggo aksara murda. panliten iki kalebu panliten pengembangan. Modhel panliten kang digunakake yaiku Research and Develepment adhedhasar proses pengembangan Bord and Gall. Dhesain panliten nggunakake quasi experimental desain awujud pre-test post-test control group design. Asil panliten 1 ngasilake titung(kelas eksperimen)=9,80 ≥ ttabel (db=30)=2,042 ≤ titung(klas kontrol)=6,08. Pambandhingan asil pretest-posttest kelas eskperimen lan kelas kontrol ngasilake titung=2,90 ≥ ttabel (db=60)=2,000. Asil kasebut nuduhake yen ana pambeda kang signifikan yen “H0 ditolak” lan “H1 ditampa”. Asil Panliten II yaiku titung(kelas eksperimen)=8,46 ≥ ttabel (db=30)=2,042≤ titung(kelas kontrol)=3,88. Pambandhingan saka asil pretest-posttest kelas eskperimen lan kelas kontrol ngasilake titung=3,02 ≥ ttabel (db=60)=2,000. Asil kasebut nuduhake yen ana pambeda kang signifikan yen “H0 ditolak” lan “H1 ditampa”. Asil tanggapane siswa sawise nggunakake medhia game flash hidden aksara Jawa ing kelas uji instrumen (VIII E) ngasilake rata-rata persentase 85,89% kagolong “apik banget”. Kelas eksperimen (VIII B) ngasilake rata-rata persentase 84,44% kagolong “apik”. Adhedhasar asil efektivitas lan asil respon siswa bisa didudut yen ana pambeda kang signifikan medhia game flash hidden aksara Jawa bisa ngundhakake kawasisan nulis ukara nganggo aksara murda, siswa paham panganggone medhia game flash hidden aksara Jawa, siswa semangat kanggo sinau nggunakake medhia game flash hidden aksara Jawa.Tembung Wigati: pengembangan, game flash hidden aksara JawaAbstrak
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

