TETEMBUNGAN SAJRONE BIDHANG SOSIAL SUBBIDHANG RELASI SOSIAL ING MASYARAKAT DESA PLUMPANG KECAMATAN PLUMPANG KABUPATEN TUBAN

Authors

  • ARISKA HARIYANI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%25p

Abstract

Tetembungan minangka salah sawijine perangan saka leksikon. Tetembungan sajrone subbidhangrelasi sosial iki nduweni sesambungan teges. Tetembungan subbidhang relasi sosial iki diperang dadi loroadhedhasar klompoke, yaiku patembayan lan paguyuban. Punjer saka panliten iki yaiku tetembungansajrone bidhang sosial subbidhang relasi sosial. Saka punjer kasebut, undere panliten iki yaiku (1) apa waejinise sesambungan paradhigmatik tetembungan sajrone subbidhang relasi sosial ing Desa PlumpangKecamatan Plumpang kabupaten Tuban? lan (2) apa wae jinise sesambungan sintagmatik tetembungansajrone subbidhang relasi sosial ing Desa Plumpang Kecamatan Plumpang kabupaten Tuban?Jinis panliten iki yaiku panliten linguistik dheskriptif sing asipat sinkronis. Dhata panliten ikiawujud tetembungan sajrone subbidhang relasi sosial. Dhata panliten diolehi saka nyemak, nyathet lanngrekam para panutur basa ing Desa Plumpang. Dhata-dhata sing wis diklumpukake dijlentrehake kanthinemtokake sesambungan paradhigmatik lan jlentrehan struktur batin kanggo nemtokake sesambungansintagmatik. Dhata-dhata dijlentrehake nggunakake bagan, daftar, lan tabel. Asile panliten disuguhakenggunakake metodhe formal lan informal.Tetembungan sajrone subbidhang relasi sosial sing wis diklumpukake cacahe ana 299tetembungan. Relasi sosial patembayan uga diweruhi ana rong sipat tetembungan ing sesambunganparadhigmatik. Tetembungan sing asipat netep cacahe ana 51, cacahe tetembungan iki slaras karo cacahetetembungan sing ana ing sesambungan sintagmatik asipat enkapsulatif. Dene tetembungan relasi sosialpatembayan sing asipat ora netep cacahe ana 52. Cacahe tetembungan iki cundhuk karo cacahetetembungan sing ana ing sesambungan sintagmatik sing asipat dhistributif. Tetembungan sajronesubbidhang relasi sosial paguyuban sing asipat netep ana 77 tetembungan. Tetembungan sajrone bidhangrelasi sosial paguyuban sing asipat ora netep cacahe ana 79 tetembungan asil iki uga apa karo tetembunganrelasi sosial paguyuban ing sesambungan sintagmatik sing asipat dhistributif. Kejaba iku, uga bisadiweruhi jinise sesambungan paradhigmatik sing cacahe ana 4 yaiku, hiponim, hipernim, kohiponim,kohipernim.Tembung wigati: Tetembungan, relasi sosial, sesambungan paradhigmatik, sesambungan sintagmatik

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-01-30

How to Cite

HARIYANI, A. (2018). TETEMBUNGAN SAJRONE BIDHANG SOSIAL SUBBIDHANG RELASI SOSIAL ING MASYARAKAT DESA PLUMPANG KECAMATAN PLUMPANG KABUPATEN TUBAN. Jurnal Online Baradha, 1(1). https://doi.org/10.26740/job.v1n1.p%p
Abstract views: 19 , PDF Downloads: 33