DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25pAbstract
Ragam basa maujud amarga anane babagan sosial, kultur, lan konteks kang beda. Panliten iki njupuk
objek Radhio Pro 4 RRI Surabaya lan punjere panliten luwih mligi marang wujud ragam basa adhedhasar
panutur.
Dhasar panliten iki yaiku ngenani ragam basa. Kalebu idiolek, akrolek, basilek, lan kolokial. Undherane
panliten iki yaiku kepriye wujud ragam basa lan kepriye undha-usuking basa sajrone pacaturan antarane
penyiar lan pamidhanget radhio Pro 4 RRI Surabaya. Ancase panliten iki yaiku ngandharake kepriye wujud
ragam basa lan kepriye undha-usuking basa sajrone pacaturan antarane penyiar lan pamidhanget radhio Pro 4
RRI Surabaya. Paedah teoretis panliten iki yaiku bisa menehi sumbangsih marang panliten ngenani
panganggone basa. Paedah praktise supaya bisa migunani tumrap pasinaon Sosiolinguistik.
Panliten iki minangka panliten Sosiolinguistik awit ngrembug basa sing ana sesambungane karo
kahanan sosial sajrone bebrayan. Panliten iki asipat deskriptif. Teori sing digunakake yaiku teori Sosiolinguistik
Chaer. Metodhe sing digunakake yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Dhata panliten iki dijupuk dening panliti
ing lapangan. Sumber dhata panliten iki yaiku pacaturan sing ditindakake dening penyiar lan pamidhanget
radhio Pro 4 RRI Surabaya.
Panliten iki mung ngrembug saperangan wujud ragam basa lan wujud undha-usuk basa sajrone
pacaturan antarane penyiar lan pamidhanget radhio pro 4 RRI Surabaya ing adicara Mandhing Jamuran.
Ragam basa sajrone pacaturan antarane penyiar lan pamidhanget radhio Pro 4 RRI Surabaya kaperang dadi
papat yaiku idiolek, akrolek, basilek, lan kolokial. Dene wujud undha-usuke basa sajrone pacaturan antarane
penyiar lan pamidhanget radhio Pro 4 RRI Surabaya kaperang dadi telu yaiku wujud krama-ngoko, kramamadya, lan krama-Indhonesia.
Tembung wigati: Ragam Basa, Penyiar lan Pamidhanget, Radhio Pro 4 RRI.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

