KAPITAYAN MARANG BANGSA ALUS SAJRONE CRITA MISTERI NGINCENG DONYANING LELEMBUT ANGGITANE ST. SRI EMYANI (TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA)

Authors

  • ALFIYAH MEYSARI NURHIDAYATI
  • BAMBANG PURNOMO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25p

Abstract

Cermis Nginceng Donyaning Lelembut (dicekak NDL) anggitane ST. Sri Emyani mujudake wadhah kanggo
nginceng jagading bangsa alus, mligine bab kapitayan. Cermis NDL nyitakake bab paguripan sajrone jagading bangsa
alus kang ana sesambungane karo kapitayan manungsa. Adhedhasar lelandhesan panliten kasebut, underane panliten iki
yaiku (1) Kepriye kapitayan bab ana lan wujude bangsa alus, (2) Kepriye kapitayan bab watak lan panguwasane bangsa
alus, (3) Kepriye kapitayan masyarakat marang bangsa alus, kang sesambungan karo aspek Sosiokultural, (4) Kepriye
relevansi sosiale kapitayan bangsa alus sajroning bebrayan. Panliten iki nduweni paedah yaiku kanggo ngrembakake
kawruh anyar ngenani bab kapitayan marang bangsa alus. Panliten iki uga kanggo sarana medhia pasinaon manungsa
supaya tansah ngati-ngati anggone nindakake samubarang. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif amrih
bisa menehi gambaran kang gamblang lan objektif ngenani kapitayan masyarakat marang jagading bangsa alus. Tata cara
kang ditindakake sajrone panliten yaiku teknik kapustakan, waca, nyathet, wawancara, lan angket. Sumber data utama
yaiku cermis NDL anggitane ST. Sri Emyani diterbitake dening Paramarta Yayasan lan Sangar Sastra Jawa Triwida taun
2013. Teori kang digunakake minangka landhesan kanggo mawas perkara-perkara mau yaiku antropologi sastra
diandharake dening Ratna lan Endraswara. Data-data kang digunakake sajrone panliten arupa tembung-tembung, ukara,
lan wacana kang ana sajrone cermis NDL. Tata cara panglumpuking data sajrone panliten iki nggunakake teknik pustaka,
wawancara lan angket dening masyarakat kang cocog, yaiku saka golongan pangripta, pamuka agama, sesepuh desa, lan
masyarakat umum.
Asiling panliten iki nuduhake, menawa cermis NDL dumadi saka pirang-pirang perangan kanthi irah-irahan
tartemtu lan digambarake kanthi crita kang beda-beda. Perangan asile panliten ngenani bab kapitayan marang bangsa
alus, kang laras karo underane panliten, yaiku (1) kapitayan bab anane bangsa alus, (2) kapitayan bab wujuding bangsa
alus, yuiku Lelembut (jim langgar, lan peri prayangan); Memedi (wewe, pocongan, gendheruwo, siluman), (3) kapitayan
bab watake bangsa alus, yaiku watak positif lan negatif bangsa alus, (4) kapitayan bab pangwasane bangsa alus, yaiku
piukuman, piweling, pambiyantu bangsa alus, elmu pengasihan, sumbering kasekten, kesagahane bangsa alus marang
panjaluke manungsa, (5) kapitayan bab sosio-kultural, yaiku syarat lan sarana (tirakat, pralambang impen, sesaji, pusaka
tutkem, ngalap berkah, sedekah bumi utawa bersih desa); sesambungan manungsa lan bangsa alus, (6) relefansi sosial
sajrone pawarta, (7) relefansi sosial aspek pamawase masyarakat. Kapitayan mujudake tradisi kang winaris saka leluhur.
Bab Kapitayan marang bangsa alus iku ana lan isih ngrembaka sajrone masyarakat Jawa. Manungsa lan bangsa alus
minangka titahe Gusti Kang Murbeng Dumadi, diciptakake kanggo nyeimbangake donya, mula kelorone kudu tansah
njaga tata krama, solah bawa, lan ngati-ati anggone nindakake samubarang.


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-05-14

How to Cite

MEYSARI NURHIDAYATI, A., & PURNOMO, B. (2018). KAPITAYAN MARANG BANGSA ALUS SAJRONE CRITA MISTERI NGINCENG DONYANING LELEMBUT ANGGITANE ST. SRI EMYANI (TINTINGAN ANTROPOLOGI SASTRA). Jurnal Online Baradha, 2(2). https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%p
Abstract views: 47 , PDF Downloads: 85