DRAMA TUK ANGGITANE BAMBANG WIDOYO SP. ING SANGGAR BIRU MADIUN (TINTINGAN STRUKTURAL)

Authors

  • FAIZAL HINDARTO
  • DARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25p

Abstract

Panliten iki njlentrehake wujud struktur-struktur kang mangun sajrone pementasan drama
moderen.Lakon ing pementasan drama kasebut yaiku nduweni irah-irahan Tuk. Struktur-sruktur kang
mangun ing pementasan drama Tuk kasebut dijlentrehake miturut tintingan struktural pementasan drama
J.X. Kennedy. Struktur-struktur kang mangun pementasan yaiku: (1) wujud akting paraga, (2) wujud tata
paes paraga, (3) wujud tata busana paraga, (4) wujud tata panggung pementasan, lan (5) wujud tata lampu
pementasan. Panliten iki uga nliti simbol-simbol kang ana sajrone pementasan. Simbol iki diperang dadi
loro, yaiku: (1) simbol awujud barang utawa properti pementasan lan (2) simbol awujud jeneng paraga.
Saliyane kuwi, panliten iki uga nliti nilai-nilai moral kang kinandhut sajrone pementasan, kang diperang
dadi telung jinis, yaiku: (1) moral gegayutan karo manungsa lan Gusti, (2) moral gegayutan karo manungsa
lan diri pribadhi, lan (3) moral gegayutan karo manungsa lan bebrayan ing lingkup sosial lan alam.
Tintingan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku tintingan struktural mligine ing pementasan
drama. Panliten iki kalebu wujud panliten dheskriptif kualitatif. Teknik pangumpulaning dhata sajrone
panliten iki nggunakake teknik njingglengi lan nyathet, kanthi cara njingglengi sumber dhata lan nyathet
tembung-tembung utawa ukara sing laras lan trep karo underaning panliten. Sumber panliten kang
digunakake yaiku video pementasan drama Tuk ing sanggar Biru Madiun.
Asiling panliten yaiku: (1) wujud akting saka paraga ing pementasan Tuk iki dumadi saka pitung
teknik, yaiku teknik metu, teknik menehi isi, teknik ngopeni klimaks, teknik timing, teknik tempo, solah
bawa, lan teknik respon. (2) wujud teknik paes dumadi saka nem jinis, yaiku paes umur, paes figur, paes
karakter, paes temporal, paes aksen, lan paes lokal. (3) wujud tata busana, ing pementasan iki, tata busana
ora bisa dipisahake karo tata paes, saliyane kuwi busana uga nglarasake kahanan ing lingkungan
Magersaren, Surakarta kang tansah ngugemi adat Jawa. (4) wujud tata panggung, pementasan Tuk
nggunakake panggung ukuran nem ping telu setengah meter. Properti kang nyengkuyung antarane, omahe
Lik Bisma, Omahe Mbah Kawit, kakus, sumur, kandhang pitik, omahe Soleman, lan omahe Romli. (5) wujud
tata lampu, ing pementasan iki nggunakake rong jinis lampu yaiku, lampu PAR 64 daya 100 watt lan lampu
CYC daya 100 watt. (6) simbol-simbol kang ana sajrone pementasan iki diperang dadi rong jinis, yaiku
simbol barang utawa properti kang awujud sumur, tulisan memayu hayuning bawana, paraga Togog,
gunungan (kayon), lan ilir. Dene kang awujud jeneng paraga antarane jeneng paraga Mbah Kawit, Lik
Bisma, Mbokdhe Jemprit, Bibit, lan Soleman Lempit. (7) Nilai-nilai moral kang kinandhut sajrone
pementasan kasebut yaiku, syukur, sabar, eling dalan baline, wicakana, tanggung jawab, mawas dhiri,
sregep, njaga weling, ngamal becik, njaga paseduluran, lan njaga alam donya.
Tembung-tembung wigati: pementasan, struktural, simbol, lan nilai moral


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-07-03

How to Cite

HINDARTO, F., & DARNI. (2018). DRAMA TUK ANGGITANE BAMBANG WIDOYO SP. ING SANGGAR BIRU MADIUN (TINTINGAN STRUKTURAL). Jurnal Online Baradha, 2(2). https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%p
Abstract views: 65 , PDF Downloads: 58