TRADHISI ILA-ILA ING PESAREYAN MBAH RATU AYU KECAMATAN TAMAN KABUPATEN SIDOARJO
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25pAbstract
Tradhisi ila-ila yaiku arupa slametan kang ditindakake ing pesareyan MbahRatu Ayu dening wargaDesa Wage nalika arep nduwe gawe. Underane panliten,yaiku: 1) Kepriye mula bukane TII ing pesareyan
Mbah Ratu ayu, KecamatanTaman, Kabupaten Sidoarjo; 2) Kepriye tatal aku adicara TII; 3) Apa wae jinis
ubarampe lan uga maknane ka ng ana ing TII; 4) Apa pigunane TII tumrap bebrayan; 5) Kepriye owah-o
wahan sajrone TII tumrap bebarayan masyarakat.
Paedah panliten iki, yaiku: 1) Nambahi kawruh ngenani tradhisi utamane TII; 2) Nglestarekake
kabudayan Jawa saka warisan cikal bakal TII; 3) Kanggo dhokumentasi, mligine tumrap masyarakat
Dhusun Sri Tanjung ing babagan kabudayan amrih tansah dijaga lan diuri-uri supaya bisa dimengerteni
kabeh dhaerah saka sajabane Dhusun Sri Tanjung; 4) Owah-owahan diandharake kanggo mangerteni
pambeda-pambeda kang ana sajrone TII yaiku pambeda saka jaman biyen nganti jaman saiki.
Tradhisi ila-ila bakal ditintingi nggunakake tintingan folklor. Amarga tradhisi ila-ila iki minangka
folklor saperangan lisan kang ngrembug bab makna lan fungsi folklor kanggo masyarakat. Kanggo
ndhudhah masalah sajrone panliten iki kudu nggunakake teori lan konsep kang cundhuk karo masalah.
Kanggo ngandharake babagan makna nggunakake konsep makna simbolis yaiku teori semiotik Pierce.
Owah-owahan nggunakake konsep Koentjaraningrat. Fungsi nggunakake teori saka William R. Bascom lan
Alan Dundes.
Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki, yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang
ana sajrone panliten iki kaperang dadi sumber dhataprimer lan sekunder. Sumber dhata primer yaiku adicara
TII dhewe, dene sumber dhata sekunder yaiku buku-buku, dhata monografi, gambar dhokumentasi kang
gegayutan karo tradhisi kasebut. Dhata kang diklumpukake awujud tetembungan, ukara, gambar, lan
wacana.
Asil saka panliten iki nuduhake yen TII ditindakake ing pesareyan MRA nalika ana wong kang arepe
nduwe gawe. TII iki arupa slametan kang dibacutake nyekar menyang pesareyan MRA. Dinane bisa dina
apa wae gumantung karokahanane. Ubarampe kang digunakake sajrone TII, yaiku; tumpeng kang lawuhe
kudu ana kepiting karo iwak bandeng, jadah, gedhang raja, kembang setaman, lan dupa.
Tembung Wigati : Tradhisi Ila-ila, Mbah Ratu Ayu
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2018-07-09
How to Cite
MAULIDIYAH, S., & SUSILO, Y. (2018). TRADHISI ILA-ILA ING PESAREYAN MBAH RATU AYU KECAMATAN TAMAN KABUPATEN SIDOARJO. Jurnal Online Baradha, 2(2). https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%p
Issue
Section
Articles

