Kapitayan Tumrap Mistis Lan Mitos Sajrone Cerbung Kena Kalaning Sengkala Anggitane A. Sardi (Tintingan Antropologi Sastra)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25pAbstract
Pangripta anggone ngripta karya sastra nggunakake imajinasine ora adoh saka kahanan masyarakat. CSKKS yaikusawijine karya sastra sing diciptakake dening A. Sardi sing terbit taun 2017 lan dimot ing majalah Djaka Lodang. Cerbung
iki nyeritakake kapitayan turamp mitos lan mistis. Kapitayan tumrap mitos lan mistis narik kawigaten kanggo ditliti
nggunakake tintingan antropologi sastra. Underane panliten ana telu, yaiku: (1) kepriye wujud kapitayan tumrap mitos
sajrone CSKKS?, (2) kepriye wujud kapitayan tumrap mistis sajrone CSKKS?, lan (3) kepriye panemune masyarakat
ngenani kapitayan tumrap mistis lan mitos?. Tujuwan panliten supaya ngasilake analisis ngenani kapitayan tumrap mitos
lan mistis. Saliyane kuwi kaajab kanggo nuwuhake kawruh anyar ngenani kapitayan tumrap mitos lan mistis.
Panliten kapitayan tumrap mitos lan mistis nggunakake ancangan deskriptif kualitatif. Dhata sing digunakake
yaiku (1) teks CSKKS, lan (2) artikel, jurnal lan buku literature kanggo lelandhesan analisis. Teknik nglumpukake dhata
nggunakake teknik maca, nyathet lan riset kapustakan. Panliten dilaksanakake bertahap, yaiku nglumpukake dhata,
ngolah dhata lan nulis asil panliten. Kanggo ngonceki kapitayan nggunakake pamawase Endraswara, mitos nggunakake
pamawase Ratna, mistis nganggo pamawase Geerts lan Koentjaraningrat.
Asil panliten kapitayan tumrap mitos yaiku (1) petungan, lan (2) pralambang. Kapitayan tumrap mistis yaiku (1)
bangsa alus, lan (2) ilmu gaib. Kapitayan tumrap mitos yaiku (1) petungan kanggo nikah lan lelungan adoh, (2)
pralambang nabrak kucing buntute ukel. Kapitayan tumrap mistis yaiku (1) bangsa alus awujud bocah cilik, wanita, lan
bangsa alus sing manjing ing ragane manungsa, lan (2) ilmu gaib yaiku dhukun ramal, lan nambani penyakit.
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2018-07-09
How to Cite
PUTRI KUSTININGRUM, T., & SUSILO, Y. (2018). Kapitayan Tumrap Mistis Lan Mitos Sajrone Cerbung Kena Kalaning Sengkala Anggitane A. Sardi (Tintingan Antropologi Sastra). Jurnal Online Baradha, 2(2). https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%p
Issue
Section
Articles

