RASA CILIK ATINE PARAGA SAJRONE NOVEL CINENCANG LAWE ANGGITANE TULUS SETIYADI (TINTINGAN PSIKOLOGI INDIVIDUAL ALFRED ADLER)

Authors

  • EKA PUJI ASTUTIK
  • LATIF NUR HASAN

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25p

Abstract

Novel Cinencang Lawe anggitane Tulus Setiyadi yaiku novel sing nyritakake ngenani para paragane
sing nduweni problem kajiwan sing arupa rasa cilik ati, amarga tansah ngrembakake kompleks inferiorita.
Anane rasa kasebut paraga utama nggupaya dadi superiorita kanthi cara anane motivasi saka wong liya lan
dorongan saka dhiri pribadine dhewe. Novel kasebut ditintingi migunakake teori Alfred Adler, amarga teori
Adler ngrembug ngenani individu lan aweh kawigaten marang pawongan sing ringkih lan nduweni kahanan
jasmani sing kurang sampurna.
Adhedhasar lelandhesan panliten, underane panliten iki yaiku: (1) Kepriye gegambaran rasa cilik
atine paraga sajrone novel Cinencang lawe anggitane Tulus Setiyadi?, (2) Kepriye wujud pengaman rasa cilik
atine paraga sajrone novel Cinencang Lawe anggitane Tulus Setiyadi?, lan (3) kepriye upayane paraga kanggo
nggayuh kasuksesan sajrone novel Cinencang Lawe anggitane Tulus Setiyadi. Gegayutan karo underane
panliten, ancas panliten iki yaiku: (1) Ngandharake gegambaran rasa cilik atine paraga sajrone novel Cinencang
lawe anggitane Tulus Setiyadi, (2) Ngandharake wujud pengaman rasa cilik atine paraga sajrone novel
Cinencang Lawe anggitane Tulus Setiyadi, lan (3) Ngandharake upayane paraga kanggo nggayuh kasuksesan
sajrone novel Cinencang Lawe anggitane Tulus Setiyadi.
Metodhe panliten sing digunakake sajrone panliten iki yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber
dhata sing digunakake yaiku karya sastra sing awujud novel kanthi irah-irahan Cinencang Lawe anggitane
Tulus Setiyadi sing cacahe ana 140 kaca. Dhata sing digunakake sajrone panliten iki yaiku arupa pacelathon
antaraning paraga, tembung, ukara, paragraf, wacana, lan solah bawane paraga sajrone novel Cinencang Lawe
anggitane Tulus Setiyadi, sing gegayutan karo underane panliten. Tata cara pangumpule dhata sajrone
panliten iki nggunakake telung teknik yaiku maca, nyathet, lan klasifikasi dhata, sarta tata cara pangolahe
dhata sajrone panliten iki yaiku nggunakake methode analisis dheskriptif.
Asil panliten nuduhake: Adhedhasar problem kajiwan sing tuwuh sajrone novel Cinencang Lawe sing
disandhang dening paraga utama probleme yaiku arupa rasa cilik ati amarga paraga utama ngrembakake
kompleks inferiorita, saka anane rasa kasebut paraga utama nalika nandhang prakara tansah digambarake
nduweni rasa (1) gampang was-was, (2) bingung, (3) mindher utawa ora PD. Asil panliten kapindho
nuduhake sing njalari tuwuhe rasa cilik atine paraga yaiku: (1) ora dianggep (Gaya hidup diabaikan), (2) lumpuh
(Kahanan jasmani kurang sampurna), (3) ngalem (Gaya hidup dimanja), asil panliten sing katelu nuduhake
wujud pengaman rasa cilik atine paraga yaiku: (1) nyalahake awake dhewe (Self-accusation), (2) nyalahake
liyan (Accusation), (3) ngadoh saka pawongan sing ditresnani, lan asil panliten sing pungkasan nuduhake
upayane paraga kanggo nggayuh kasuksesan yaiku: (1) gelem srawung (2) pantang nyerah.
Tembung wigati : Inferiorita utawa cilik ati lan superiorita.


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-07-20

How to Cite

PUJI ASTUTIK, E., & NUR HASAN, L. (2018). RASA CILIK ATINE PARAGA SAJRONE NOVEL CINENCANG LAWE ANGGITANE TULUS SETIYADI (TINTINGAN PSIKOLOGI INDIVIDUAL ALFRED ADLER). Jurnal Online Baradha, 2(2). https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%p
Abstract views: 91 , PDF Downloads: 329