KABUTUHAN BATIN SAJRONE TEKS FILM ZIARAH ANGGITANE BW PURBA NEGARA (TINTINGAN PSIKOLOGI ABRAHAM MASLOW)

Authors

  • DEBY NUR KUMALASARI
  • LATIF NUR HASAN

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25p

Abstract

Film Ziarah yaiku sawijine karya sastra kang diripta dening BW Purba Negara. Teks film Ziarah
nyritakake ngenani motivasi kang disandhang dening paraga-paragane. Motivasi kasebut digawe nggayuh
kabutuhan kang durung bisa dicukupi. Salah sawijine jinis kabutuhan kang kepengin digayuh yaiku
kabutuhan batin. Teori ngenani kabutuhan lan motivasi kanggo nggayuh maneka jinis kabutuhan dirembug
dening Abraham Maslow sajrone psikologi humanistik. Mula saka iku, teks film Ziarah anggitane BW Purba
Negara bakal ditliti nggunanake teori psikologi humanistik Abraham Maslow.
Underaning panliten iki yaiku (1) kepriye gegambaran kabutuhan batin sajrone teks film Ziarah
anggitane BW Purba Negara?, (2) Kepriye upaya kanggo nggayuh kabutuhan batin sajrone teks film Ziarah
anggitane BW Purba Negara?, lan (3) Kepriye kahanane paraga sawise nyukupi kabutuhan batin sajrone teks
film Ziarah anggitane BW Purba Negara?. Adhedhasar underan kasebut, ancas saka panliten iki, yaiku: (1)
Ngandharake gegambaran kabutuhan batin sajrone teks film Ziarah anggitane BW Purba Negara, (2)
Ngandharake upaya kanggo nggayuh kabutuhan batin sajrone teks film Ziarah anggitane BW Purba Negara,
lan (3) Ngandharake kahanane paraga sawise nyukupi kabutuhan batin sajrone teks film Ziarah anggitane
BW Purba Negara. Sakabehane iku mau kaajab bisa kanggo kawruh tumrap masyarakat ngenani psikologi.
Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Dhata kang digunakake yaiku teks film
Ziarah. Tata cara kanggo nglumpukake dhata yaiku kanthi maca, nyathet, lan riset kapustakan. Dhata kang
wis cumepak bakal diolah kanthi urut lan runtut, wiwit nyathet nganti ndudut saka asil analisis dhata.
Asil panliten kaping pisan ngenani gegambaran kabutuhan batin minangka kabutuhan tresna, yaiku
(1) kasepen lan (2) kuwatir, minangka kabutuhan nduweni, yaiku (1) mangun kulawarga lan (2) kepengin
sesandhingan. Kaping pindho ngenani pangupayane paraga kanggo nggayuh kabutuhan batin minangka
nggayuh kabutuhan tresna, yaiku (1) blaka lan (2) wani ngadhepi pepalang, minangka nggayuh kabutuhan
nduweni, yaiku (1) mandhiri, (2) pantang nyerah, lan (3) percaya. Kaping telu ngenani kahanane paraga
sawise nggayuh kabutuhan batin sajrone teks film Ziarah yaiku eklas.
Tembung-tembung kang wigati : Kabutuhan batin, teks film, psikologi humanistik


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-07-20

How to Cite

NUR KUMALASARI, D., & NUR HASAN, L. (2018). KABUTUHAN BATIN SAJRONE TEKS FILM ZIARAH ANGGITANE BW PURBA NEGARA (TINTINGAN PSIKOLOGI ABRAHAM MASLOW). Jurnal Online Baradha, 2(2). https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%p
Abstract views: 50 , PDF Downloads: 46