PANDHAPUKING TETEMBUNGAN LAN WIGATINING TETEMBANGAN SAJRONE LELAGON JAWA ANGGITANE SUJIWO TEJO (TINTINGAN STILISTIKA LAN STRUKTUR PUITIK)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25pAbstract
Pandhapuking tetembungan mujudake tatacarane pangripta anggone ngolah tetembungan supaya luwih endah. Kajaba didhapuk, tembang uga nduweni unsur kang penting/wigati minangka jiwaning tetembangan utawa surasane tembang. Panliten iki bakal ngrembug (1) kepriye pandhapuking tetembungan, (2) kepriye wigatining tetembangan, (3) Apa gegayutan antara tetembungan lan tetembangan, lan (4) kepriye titikane Sujiwo Tejo. Ancas panliten iki yaiku njlentrehake pandhapuking tetembungan lan wigatining tetembangan. Kajaba kuwi uga njelentrehake gegayutan antarane tetembungan lan tetembangan, lan ngerteni titikane Sujiwo Tejo minangka pangripta kang kreatif.
Pamarekan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku pamarekan stilistika lan struktur puitik, uga nggunakake teori hermeneutik minangka panyengkuyung. Panliten iki klebu panliten kuwalitatif kang nggunakake metodhe analisis isi. Sumber dhata sajrone panliten iki arupa tembung, frase, lan ukara kang ana ing lelagon basa Jawa ing Album Mirah Insun anggitane Sujiwo Tejo. Dhata kang digunakake ing panliten iki dijupuk saka asiling wawancara karo Sujiwo Tejo minangka pangripta.
Adhedhasar analisis kang wis ditindakake, asile panliten iki nuduhake yen tembang kang dianggit dening Sujiwo Tejo nduweni titikan dhewe yen ditandhingake karo reriptan tembang liyane. Titikane bisa kawawas saka carane milih tetembungan kanthi variasi basa Jawa lan basa Inggris, nggunakake basa arkhais, nggunakake maneka werna majas, purwakanthi, sarta nengenake aspek spiritualitas.
Tembung wigati: Tetembungan, tetembangan, tembung-tembung pinilih, lelewane basa, lan spiritualitas
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

