SESAMBUNGAN SUBORDINATIF SAJRONE UKARA CAMBORAN SUSUN ING BASA JAWA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%25pAbstract
Sesambungan subordinatif minangka sawijine perangan konjungsi. Konjungsi kasebut nduweni makna kanggo nggandhengake rong klausa sing kalungguhane ora padha. Tanpa anane konjungsi sajrone klausa informasi ora bisa dimangertani. Underane panliten iki yaiku kepriye wujud, guna, lan kalungguhane sesambungan subordinatif sajrone ukara camboran susun? Tujuwane panliten iki, yaiku kanggo ngandharake lan njlentrehake wujud, guna, lan kalungguhane sesambungan subordinatif sajrone ukara camboran susun. Landhesane teori sing digunakake sajrone panliten iki, yaiku teori transformasi generatif. Tata makaryane teori transformasi generatif diperang dadi telu adhedhasar triaspek, yaiku wujud (kategori), guna (fungsi), kalungguhan (peran). Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik deskriptif, dhata sing dijlentrehake panliten iki yaiku ukara-ukara sing kalebu ukara camboran susun. Panliten iki asipat sinkronis, amarga basa sing ditliti yaiku basa Jawa sing digunakake ing jaman saiki. Sumber dhatane yaiku wacana ing Jayabaya taun 2016. Dhata sing digunakake ing panliten iki yaiku awujud teks tulis sajrone ukara-ukara camboran susun. Dhata dikumpulake nggunakake teknik cathet. Tatacarane njlentrehake dhata ing panliten iki nggunakake metodhe agih. Asile njlentrehake dhata disuguhake ngunakake metodhe formal informal. Sesambungan subordinatif sajrone ukara camboran susun ing basa Jawa adhedhasar makna struktural bisa diperang dadi telulas yaiku, sesambungan teges (1) kausalitas, (2) konsekutif, (3) instrumen, (4) dheduktif, (5) kondhisi, (6) disjungtif, (7) konsesif, (8) final, (9) temporal, (10) korelatif, (11) similaritas, (12) komparasi, (13) rincian. Tembung wigati: Sesambungan Subordinatif, Ukara Camboran Susun, Triaspek SintaksisDownloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2018-07-24
How to Cite
FATHONAH, F., & MURDIYANTO. (2018). SESAMBUNGAN SUBORDINATIF SAJRONE UKARA CAMBORAN SUSUN ING BASA JAWA. Jurnal Online Baradha, 2(2). https://doi.org/10.26740/job.v2n2.p%p
Issue
Section
Articles

