AJARAN SUFISME SAJRONE SULUK RANCANG

  • IRFAN BACHTIAR C.A

Abstract

Sastra Jawa Pesisiran mujudake ekspresi sastra kang asale saka masyarakat Pesisir (mligine pesisir sisih lor Pulo Jawa) kang nduweni fungsi tartamtu kanggo masyarakat panyengkuyunge (Purnomo, 2011:22). Jinise karya sastra Jawa Pesisiran diperang dadi loro yaiku reriptan kang awujud etik (asipat religious lan didaktis kang awujud karya dongeng lan suluk) lan reriptan epik (asipat kepahlawanan kang asale saka sanjabane utawa asli saka Jawa) (Purnomo, 2011:25). Suluk Rancang bisa diarani salah sawiji wedharane pangripta ngenani apa kang kedadeyan sajrone masyarakat rikalane kanjeng nabi taksih gesang.Adhedhasar iku, tuwuh telu underan panliten, yaiku kepriye (1) Kepriye Karakteristike Suluk Rancang (2) Kepriye ajaran sufisme sajroning Suluk Rancang, lan (3) Kepriye pigunane ajaran sufisme sajroning Suluk Rancang tumrap bebrayan. Tujuwane panliten saemper karo underane panliten, yaiku ngandharake: (1) ngandharake karakteristike suluk rancang, (2) ngandharake ajaran sufisme sajrone suluk rancang, (3) ngandharake pigunane ajaran sufisme sajrone suluk rancang tumrap bebrayan.Paedahe panliten yaiku panliten iki diajab supaya bisa: (1) Paedah panliten yaiku paedah kang dikarepake bisa menehi gegambaran padhang utawa kawruh marang pamaos sawise maca panliten iki. Amerga saben panliten kudune bisa menehi paedah utawa bab sing anyar tumrap pamaos, (2) Saka anane panliten iki diajab nduweni paedah tumrap panliten sastra Jawa lawas kang nggunakake tintingan struktural. Supaya mengko menehi gambaran jelas isi saka Suluk Rancang tumrap pamaos umum lan mahasiswa jurusan basa lan sastra Jawa.Tembung wigati: Suluk , Ajaran Sufisme
Published
2018-07-29
How to Cite
BACHTIAR C.A, I. (2018). AJARAN SUFISME SAJRONE SULUK RANCANG. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 52
PDF Downloads: 44