IDEALISME LAN PRAGMATISME SAJRONE CERBUNG DESA ABAD ANYAR ANGGITANE SURYADI WS (TINTINGAN STRUKTURALISME GENETIK)

  • FENITA DWI PRATIWI
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

Cerbung Desa Abad Anyar anggitane Suryadi WS nyritakake pepinginan manungsa kang asipat idealis lan pragmatis. Manungsa nduweni pepinginan kang beda-beda kanggo ngrampungi perkara-perkara amrih urip mulya. Wujud pepinginan mau nuduhake pamawas jagad minangka lelandhesan pangriptaning crita. Pamawas jagad mujudake pamawas utawa pandangan tumrap apa bae kang diwakili dening pangripta. Prakara kasebut cocog yen ditintingi kanthi tintingan strukturalisme genetik. Adhedhasar lelandhesan panliten kasebut, underane panliten sajrone cerbung Desa Abad Anyar yaiku, (1) kepriye gegambaran idealisme lan pragmatismene paraga sajrone cerbung; (2) kepriye wujud dikotomi minangka pangijowantahe heroproblematik; (3) kepriye pamawas jagad minangka lelandhesan pangriptaning crita. Adhedhasar underan panliten kasebut, mula ancase panliten iki yaiku, (1) njlentrehake gegambaran idealisme lan pragmatismene paraga sajrone cerbung; (2) njlentrehake wujud dikotomi minangka pangijowantahe heroproblematik; (3) njlentrehake pamawas jagad minangka lelandhesan.Panliten iki kalebu panliten kualitatif dheskriptif. Wujud metodhe khusus tintingan struktural genetik. Sumbere dhata arupa cerbung Desa Abad Anyar, buku, jurnal, internet, lan asiling wawancara. Dhatane panliten arupa tembung lan ukara kang nengenake paraga-pamaragan kang sesambungan karo underane panliten. Pangumpule dhata nggunakake metode kapustakan, metode wawancara lan maca kanthi intensif. Kanggo ngandharake dhata digunakake metode deskriptif analisis.Asiling panliten iki diperang dadi telu. Gegambaran idealisme lan pragmatismene paraga, perangan kasebut yaiku (1) gegambaran idealisme minangka dharmaning kautaman diperang dadi lima antarane panikele jagade agraris; panggunane teknologi maju; pamangune masyarakat mandiri; pangetrape pranatan kang becik sajrone politik; pangrembagan lelangen budaya (2) gegambaran pragmatisme minangka wohing melik nggendhong lali sajrone cerbung antarane ambisius; ujub marang kasudibyan; durjana mawa cara kayata durjana anebar wisa, nindakake money politik lan durjana pepacak panguwasa. Wujud hero problematik antarane (1) tetanen kang kapitunan, jalaran sithike asiling tetanen, tataning tetanen tradhisional, jog-jogan beras manca, lan kanirdayaning kadang tani; (2) pangarsa tiron, jalaran padha nindakake praktek politik kang culika, lali marang wong cilik lan tumindak nyimpang; (3) lunture budaya lan kapribadene bangsa, jalaran pangribawane kabudayan manca, semangat nasionalisme, lan anane pamawas sukuisme-provinsiesme-separatisme; (4) ajining agama lan budaya sajrone panemtone dina nenikahan lan netepi sumpah, (5) bab jejodhowan kang njlentrehake kalungguhane priya, wanita, lan wong tuwa. Pamawas jagad minangka lelandhesan antarane (1) lingkungan sosiale pangripta, (2) status sosilale pangripta kang minangka tani, peternak, lan seniman, (3) Pamawase pangripta kang njunjung unen-unen Jawa minangka witing budaya lan ngugemi ajining panembah.Tembung-tembung wigati: idealisme, pragmatisme, pamawas jagad
Published
2018-07-29
How to Cite
DWI PRATIWI, F., & PURNOMO, B. (2018). IDEALISME LAN PRAGMATISME SAJRONE CERBUNG DESA ABAD ANYAR ANGGITANE SURYADI WS (TINTINGAN STRUKTURALISME GENETIK). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 50
PDF Downloads: 45