ASPEK EKOLOGIS SAJRONE ANTOLOGI GURITAN BAKAL TERUS GUMEBYAR ANGGITANE SUCI HADI SUWITA (TINTINGAN EKOKRITIK GREG GARRARD)

  • AFFRIDA MITA RATNA SARI
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

Aspek ekologis mujudake gagasan utawa sudut pandang tartamtu kang ngandhut sesambungan karo jagading tetuwuhan, kewan, lan manungsa klawan lingkungan. Kahanan lingkungan sajrone guritan BTG nggambarake kahanan lingkungan kang nduweni sesambungan karo urip lan panguripane bebrayan. Antologi guritan BTG minangka salah sawijine karya sastra kang tuwuh lan ngrembaka ing bebrayan Jawa. Bebrayan Jawa nduweni nilai-nilai kang diugemi kanthi dituduhake lumantar tembung-tembung sajrone antologi geguritan.Adhedhasar andharan kasebut, prakara sajrone panliten iki (1) Kepriye wujud aspek ekologis sajrone Antologi Geguritan BTG, (2) Kepriye wujud ekokritik tumrap Antologi Geguritan BTG, lan (3) Kepriye pepenginan idhealis panggurit sajrone Antologi Geguritan BTG kang ana sesambungane klawan lingkungan. Jumbuh karo underan kasebut tujuwan panliten iki, yaiku: (1) Ngandharake wujud aspek ekologis sajrone Antologi Geguritan BTG, (2) Ngandharake wujud ekokritik tumrap Antologi Geguritan BTG, lan (3) Ngandharake pepenginan idhealis panggurit sajrone Antologi Geguritan BTG kang ana sesambungane klawan lingkungan.Panliten iki ditintingi nggunakake pamarekan Ekokritik Greg Garrard. Metodhe kang digunakake sajrone panliten iki yaiku metodhe dheskriptif Kualitatif. Sumber dhata kang digunakake sajrone panliten yaiku arupa 30 guritan kang sesambungan karo lingkungan alam sajrone antologi guritan BTG. Dhatane panliten arupa tembung lan ukara kang sesambungan karo underan panliten. Teknik panglumpuke dhata nggunakake metodhe studi kapustakan. Teknik ngolah dhata kang digunakake yaiku nglasifikasi, menehi tandha utawa tetenger, tafsiran, analisis dhata, lan dudutan asil panliten.Asile panliten iki yaiku ngandharake (1) Wujud aspek ekologis sajrone Antologi Geguritan BTG diperang dadi loro yaiku wigatine lingkungan lan rusake lingkungan. Wujud rusake lingkungan amarga kahanan alam kaperang dadi telu yaiku lesus, lindhu, lan tsunami, wujud rusake lingkungan amarga manungsa kaperang dadi telu yaiku kobongan, banjir, lan polusi, (2) Wujud ekokritik tumrap Antologi Geguritan BTG kaperang dadi telu yaiku kawigaten lan tresna marang lingkungan, ora ngrusak lingkungan, lan nglestarekake lingkungan, (3) Pepenginan idhealis panggurit sajrone Antologi Geguritan BTG kang ana sesambungane klawan lingkungan diperang dadi lima yaiku gregeting jiwa, eling lan waspada, prihatin saka tumindak luput, sumarah sabubare jumangkah, lan sumeleh marang Gusti.Tembung wigati: guritan, aspek ekologis, ekokritik
Published
2018-07-29
How to Cite
MITA RATNA SARI, A., & PURNOMO, B. (2018). ASPEK EKOLOGIS SAJRONE ANTOLOGI GURITAN BAKAL TERUS GUMEBYAR ANGGITANE SUCI HADI SUWITA (TINTINGAN EKOKRITIK GREG GARRARD). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 44
PDF Downloads: 33