TINDAK TUTUR SAJRONE PACATURAN KRU BIS MALANGAN (JURUSAN SURABAYA-MALANG)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25pAbstract
Tindak tutur sajrone pacaturan kru bis Malangan minangka salah sawijine tindak tutur direktif sing isih ngrembaka lan asring ditindakake dening kru bis mligine jalur Surabaya-Malang. Dhasar panliten iki yaiku ngenani tuturan sing ana sajrone pacaturan antarane kru bis Malangan. Ancas panliten iki yaiku ngandharake apa wae jinise tuturan sing ana sarjone pacaturan kru bis Malangan lan uga pananggape mitra tutur sajrone pacaturan kasebut. Paedah teoritis panliten iki yaiku bisa menehi sumbangsih marang sintaksi Jawa mligine ngenani jinis tuturan lan pananggape sajrone pacaturan kru bis Malangan. Paedah praktise supaya bisa migunani tumrap pasinaon basa, mligine pragmatik.Panliten iki nggunakake tintingan pragmatik.Teori kang digunakake yaiku teori kang diandharake dening Levinson minangka pangembangane saka teorine Searle. Levinson ngandharake yen tindak tutur ditemtokake kanthi cara kontekstual, sosial, lan kultural sing jangkepe dadi skala jarak sosial, status sosial panutur lan mitra tutur, lan tindak tutur utawa bobot imposisi. Metodhe sing digunakake yaiku metodhe deskriptif kualitatif. Dhata panliten iki dijupuk dening panliti ing lapangan, yaiku ing njero bis nalika mlaku. Sumber dhata saka panliten iki yaiku pacaturane kru bis Malangan.Tindak tutur sajrone pacaturan kru bis Malangan kaperang dadi loro, yaiku takon lan mrentah. Banjur saka perangan kasebut lageyan kang kerep digunakake dening panuture ana rong perangan, yaiku tindak tutur kanthi blaka, lan tindak tutur kanthi ora blaka. Pananggape mitra tutur kaperang dadi papat yaiku, katampa kanthi pocapan, katampa kanthi solah bawa, katampik kanthi pocapan, lan katampik kanthi solah bawa.Tembung wigati : Tindak tutur, Pacaturan, Lageyane panutur, Pananggape mitra tutur, Kru Bis Malangan.Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2018-07-29
How to Cite
JENE RIMBAWAN, A., & SURANA. (2018). TINDAK TUTUR SAJRONE PACATURAN KRU BIS MALANGAN (JURUSAN SURABAYA-MALANG). Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Issue
Section
Articles

