KOMIK ANGKARA TAN NENDRA ANGGITANE RESI WIJI S

  • BHENY WIDYA ANGGARA NAILIL HUDA

Abstract

Sesulih pitakon ing basa Jawa Banyuwangen minangka sesulih kang manjila ing antarane sesulih- Sastra yaiku ekspresi pikiran lan rasa pangrasane manungsa kang endah nganti wujud lisan utawa tulis. Sastra Jawa modern tuwuh lan ngrembaka sawise sastra Jawa klasik. Anane sastra Jawa modern bisa diwaca ing medhia masa basa Jawa kang arupa kalawarti. Wujude sastra Jawa modern saemper kaya dene sastra Indonesia yaiku cerita pendek, cerita sambung utawa cerbung, komik, puisi lan komik. Komik Angkara Tan Nendra anggitane Resi Wiji S bisa diarani salah siji wedharane pangripta ngenani apa kang kedadeyan sajrone masyarakat Jawa umume. Komik iki patut didadekake panliten amarga sajrone komik ngandhut perangan kang mligi arupa nilai sosial, kang bisa didadekake patuladhan panguripan masyarakat Jawa. Saliyane iku, perangan strukturale komik uga kudu ditliti kanggo nyengkuyung panliten ngenani nilai-nilai sajrone komik.Adhedhasar iku, tuwuh telu underan panliten, yaiku kepriye (1) kepriye aspek struktural sajrone ATN anggitane Resi Wiji S, (2) kepriye nilai sosial kang kinandhut, lan (3) kepriye sesambungane nilai sosial sajrone ATN anggitane Resi Wiji S karo kasunyatan sosial sajrone bebrayan agung. Tujuwane panliten saemper karo underane panliten, yaiku ngandharake: (1) perangan aspek struktural, (2) nilai sosial kang kinandhut, (3) sesambungane nilai sosial sajrone ATN anggitane Resi Wiji S karo kasunyatan sosial sajrone bebrayan agung. Paedahe panliten yaiku panliten iki diajab supaya bisa: (1) bisa menehi sumbangan kanggo para pangripta kang nduweni kawasisan nggambar mligine gambar komik supaya terus ngripta crita komik Jawa supaya tetep ngrembaka, (2) bisa menehi wawasan sajrone nyinaoni karya sastra mligine komik kepriye carane supaya bisa mangerteni isine crita kang diripta dening pangripta lan wujud piwulang ing sajrone karya sastra kasebut, (3) bisa njaga lan ngrembakake nilai-nilai sosial kang wis ana ing masyarakat supaya ora nerak norma sing wis ana, (4) bisa dadi acuan kanggo nganakake panliten sabanjure minangka bahan pertimbangan kanggo panemu anyar kang luwih kreatif, (5) dadi materi ajar kanggone para guru, dene marang siswa kanggo nambah kawruh ngenani babagan sastra.Panliten teoritik sing digunakake yaiku: pendekatan struktural, pendekatan sosiologis, lan pendekatan hermeneutika. Pendekatan struktural kanggo nggoleki aspek tematik lan paraga-pamaragan critane komik. Pendekatan sosiologis digunakake kanggo nggoleki kahanan masyarakat sing kalebu nilai sosial, sabanjure digayutake karo kahanan sajrone komik. Pendekatan hermeneutika digunakake kanggo nemtokake pamawas teges sing luwih amba saka perangan nilai sosial sing gegayutan karo carane urip masyarakat Jawa.Adhedhasar asile analisis dhata sing nggunakake tintingan sosiologi sastra, bisa didudut menawa critane komik Angkara Tan Nendra anggitane Resi Wiji S tema sosial. Aspek struktur kang digunakake kanggo ndhasari andharan, yaiku: (1) paraga, (2) alur, (3) latar, (4) tema. Nilai sosial kang kinandhut yaiku: (1) panguwasa adigang adigung adiguna, (2) meguru, (3) jejodhoan, (4) males ukum, (5) tulung-tinulung, (6) males budi. Sesambungane nilai sosial sajrone bebrayan agung uga yaiku: (1) panguwasa adigang adigung adiguna, (2) meguru, (3) jejodhoan, (4) males ukum, (5) tulung-tinulung, (6) males budi. Nilai-nilai sosial iku gegayutan karo kahanan ing bebrayan. Mula, nilai sosail iku diajab supaya bisa dadi patuladhan uripe manungsa.Tembung-tembung wigati: nilai sosial, komik, sosiologi sastra
Published
2018-07-29
How to Cite
WIDYA ANGGARA NAILIL HUDA, B. (2018). KOMIK ANGKARA TAN NENDRA ANGGITANE RESI WIJI S. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 39
PDF Downloads: 16