WERNANE BASA DOL TINUKU ING TAMAN BUNGKUL SURABAYA

  • MUHAMMAD RIZZA FATHONI

Abstract

Wernane basa kalebu salah sawijine perangan ilmu sosiolinguistik. wernane basa bisa tuwuh jalaran kahanan nalika cecaturan. sajrone dol tinuku ditemokake maneka werna wernane basa kang digunakake dening panutur lan mitra tutur. Taman Bungkul minangka papan panggonan kang ing kono ditemoni maneka werna etnis, umur, jinis kelamin, uga maneka werna samubarang kang didol saengga ditemokake maneka werna basa kang ana sajrone dol tinuku. Mula panliten iki dipunjerake marang wernane basa dol tinuku ing Taman Bungkul Surabaya. Saka punjer kasebut, mula underane panliten iki yaiku (1) wernane basa dol tinuku ing Taman Bungkul Surabaya adhedhasar panutur yaiku bakul, (2) wernane basa dol tinuku ing Taman Bungkul Surabaya adhedhasar mitra tutur yaiku pawongan sing tuku, lan (3) wernane basa dol tinuku ing Taman Bungkul Surabaya adhedhasar topik kang diomongake yaiku samubarang kang didol lan regane.Panliten ngenanani wernane basa dol tinuku ing Taman Bungkul Surabaya iki nggunakake teori wernane basa. Kanggo nemokake wernane basa dol tinuku, panliti nyathet, ngrekam, lan nyemak cecaturane pawongan kang lagi dol tinuku. Panliten iki kalebu panliten etnografi. Dhata sajrone panliten iki yaiku transkrip asile ngrekam, nyathet, lan nyemak cecaturane pawongan kang dol tinuku. Dene sumber dhata panliten iki yaiku cecaturane pawongan kang lagi dol tinuku ing Taman Bungkul Surabaya.Dhata sajrone panliten iki diandharake sarta dijlentrehake kanthi merang dhasar tuwuhe werna basa dol tinuku dadi telung perkara, yaiku (1) panutur yaiku bakul, (2) mitra turur yaiku pawongan sing tuku, lan (3) topik kang diomongake yaiku samubarang kang didol sarta regane. Perkara kasebut salaras karo teori wernane basa. Dhata kasebut diolehake kanthi nyemak, nyathet, lan ngrekam cecaturane pawongan kang lagi dol tinuku ing Taman Bungkul Surabaya. Asil panliten iki yaiku wernane basa dol tinuku ing Taman Bungkul Surabaya adhedhasar panutur bakul ditemokake 17 wernane basa. W wernane basa dol tinuku ing Taman Bungkul Surabaya adhedhasar mitra tutur pawongan sing tuku ditemokake 21 werna basa. Dene wernane basa dol tinuku ing Taman Bungkul Surabaya adhedhasar topik kang diomongake samubarang kang didol lan regane ditemoakake 7 wernane basa.Tembung wigati: wernane basa dol tinuku, panutur, mitra tutur, topik.
Published
2018-07-29
How to Cite
RIZZA FATHONI, M. (2018). WERNANE BASA DOL TINUKU ING TAMAN BUNGKUL SURABAYA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 39
PDF Downloads: 26