KONFLIK PARAGA SAJRONE NOVEL LINTANG KESAPUT MEGA ANGGITANE TULUS SETIYADI TINTINGAN STRUKTURAL

  • WIYANDI ROCHMAN

Abstract

Novel “Lintang Kesaput Mega” anggitane Tulus Setiyadi narik kawigaten kanggo ditliti amarga novel kasebut critane nduweni konflik kang apik saengga ndadekake panliti kepengin maca nganti pungkasane crita. Tintingan kang trep kanggo njlentrehake konflik paraga sajrone novel “Lintang Kesaput Mega” iki nggunakake tintingan struktural. Adhedhasar unsur kang wigati kasebut, irah-irahan kanggo panliten iki yaiku “Konflik Paraga sajrone Novel Lintang Kesaput Mega Anggitane Tulus Setiyadi Tintingan Struktural”. Dhasare analisis panliten iki luwih dhisik kawawas kanthi tintingan struktural.Underan panliten iki yaiku: (1) Kepriye struktur pamangun sastra? (2) Kepriye wujud konflik paraga? lan (3) Kepriye pungkasane konflik paraga?. Tujuwane panliten saemper karo underane panliten yaiku: (1) Ngandharake struktur pamangun sastra (2) Ngandharake wujud konflik paraga lan (3) Ngandharake pungkasane konflik paraga. Paedahe panliten iki yaiku: (1) Tumrap Sastra Jawa Modern nduweni paedah kanggo nyengkuyung pangrembakane karya-karya sastra Jawa Modern, (2) Tumrap piwulang sastra, bisa digunakake bahan pasinaon apresiasi lan bisa didadekake sumber informasi ngenani kritik sastra, (3) Tumrap pamaos, bisa nambahi kawruh ngenani perangane karya sastra, pigunane tintingan struktural kanggo ngonceki karya sastra lan bisa uga menehi krenteg supaya luwih gampang anggone ngerteni lan mahami isi kang kinandhut ing novel LKM.Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki arupa novel LKM. Dhata ing panliten iki awujud tembung lan ukara sajrone novel LKM. Tatacara nglumpukake dhata yaiku: (1) Nggoleki novel kanthi irah-irahan LKM (2) Maca bola-bali novel banjur ditengeri nganggo stabilo (3) Dhata panyengkuyung utawa data liyane (dhata saka internet lan liya-liyane) diklumpukake dadi siji banjur diklompokake miturut kabutuhan. Kanggo ngandharake lan njlethrehake dhata digunakake metodhe dheskriptif analisis.Adhedhasar asile analisis data sing nggunakake tintingan struktural sastra, bisa didudut menawa crita novel Lintang Kesaput Mega anggitane Tulus Setiyadi temane katresnan. Asile panliten iki bisa diperang dadi telu, yaiku: (1) Struktur pamangun sastra kang kalebu tema, para paraga lan pamaragan, alur lan latar (2) Wujude konflik kang kalebu konflik internal lan konflik eksternal (3) pamungkasing konflik kang digambarake kanthi happy ending.Kata Kunci : Konflik Paraga, Struktural
Published
2018-07-29
How to Cite
ROCHMAN, W. (2018). KONFLIK PARAGA SAJRONE NOVEL LINTANG KESAPUT MEGA ANGGITANE TULUS SETIYADI TINTINGAN STRUKTURAL. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 69
PDF Downloads: 42