ALIH KODE LAN CAMPUR KODE SAJRONE PAGELARAN WAYANG KULIT PURWA KANTHI LAKON WAHYU MAKUTHARAMA DENING KI PURBO ASMORO

  • NICHO ARGANATA

Abstract

Basa sajrone pagelaran wayang kulit dumadi saka pirang-pirang perangan basa Jawa kang ora saragam lan nduweni tujuwan tartamtu. Olah basa kang dumadi saka pirang-pirang ragam basa mau bisa ditemokake ing sajrone pagelaran wayang kulit lakon Wahyu Makutharama dening Ki Purbo Asmoro. Ancase panliten iki, yaiku (1) mangerteni wujud alih kode lan campur kode sajrone pagelaran wayang kulit lakon Wahyu Makutharama dening Ki Purbo, (2) mangerteni guna alih kode lan campur kode sajrone pagelaran. Panliten iki nggunakake tintingan sosiolinguistik mligine bab alih kode lan campur kode. Kagiyatan panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Dhata sajrone panliten iki dikumpulake kanthi cara nyimak video lan nyathet utawa nranskrip.Asile panliten iki yaiku nuduhake wujud alih kode sajrone pagelaran wayang kulit lakon Wahyu Makutharama dening Ki Purbo kang kaperang dadi 2, yaiku situasional lan metaforis. Alih kode situasional, yaiku alih kode kang disebabake anane wong katelu, lan swasana kang owah. Alih kode metaforis, yaiku alih kode kang disababake topik kang owah. Dene Campur kode kaperang dadi 5, yaiku tembung, tembung rangkep, frasa, klausa, idiom. Adhedhasar gunane alih kode kaperang dadi 6, yaiku kanggo ngluhurake dhiri pribadi, ngajeni wong katelu, mernahake, gegojegan, mejang. Campur kode nduweni 11 guna, yaiku ngluhurake dhiri pribadi, ngajeni wong kang dijak guneman, ngluhurake drajate wong kang lagi diomongke, mbangetake kahanan, gegojegan, ngraketake swasana, nggampangake ukara, ngendahke ukara, kanggo ngalembana, ndhelikake sasmita gendhing, pasemon.Tembung-tembung wigati: Alih Kode, Campur Kode, Sosiolinguistik.
Published
2018-07-29
How to Cite
ARGANATA, N. (2018). ALIH KODE LAN CAMPUR KODE SAJRONE PAGELARAN WAYANG KULIT PURWA KANTHI LAKON WAHYU MAKUTHARAMA DENING KI PURBO ASMORO. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 59
PDF Downloads: 84