WERNANE BASA SAJRONE SIARAN PEDESAAN RRI SURABAYA

  • ROSI CANTAURI

Abstract

Wernane basa nduweni titikan sing maneka warna, kuwi kabeh disebabakae basa siji lan liyane nduweni paugeran sing beda-beda, mula saben wong kudu bisa mbedakake lan amngerteni paugeran basa sing digunakake supaya wong sing dijak pacaturan bisa mangerteni apa sing dikandhakake. Wernane basa sajrone panliten iki yaiku anane dialek Surabaya, basa ngoko, krama, alih kode lan campur kode. Sajrone siaran pedesaan RRI Surabaya iki akeh erna basa kang bisa dideleng saka ilmu sosiolinguistik. Siaran pedesaan RRI Surabaya iki minangka salah sawijine bahan kanggo panulis nliti werna basa apa bae sing diucapake nalika siaran. Babagan kasebut bisa dideleng saka wujud basa sing digunakake. Adhedhasar landhesan panliten ing ndhuwur, punjere panliten yaiku wernane basa sajrone siaran Pedesaan RRI SurabayaPanliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif sing diajab bisa ngolehake gegambaran sing cetha lan objektif ngenani werna basa kang ana ing sajrone siaran pedesaan RRI Surabaya. Sumber dhata panliten iki arupa ukara-ukara kang ana sajrone pacaturan ing siaran pedesaan RRI Surabaya. Dene teknik sing digunakake kanggo nglumpukake dhata yaiku teknik transkrip, teknik cathet.Asile panliten sing sepisan yaiku ditemokake 4 ragam basa Jawa, 10 wujud alih kodhe, lan campur kodhe kang kaperang dadi loro yaiku campur kodhe intern lan ektern. Ana 4 wujud campur kode intern lan 5 wujud campur kodhe ektern.
Published
2018-07-31
How to Cite
CANTAURI, R. (2018). WERNANE BASA SAJRONE SIARAN PEDESAAN RRI SURABAYA. JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 38
PDF Downloads: 20