TRADHISI SURAN GUNUNG KAWI DESA WONOSARI KECAMATAN WONOSARI KABUPATEN MALANG (Tintingan Kajian Bentuk, Makna, lan Fungsi)

  • AYU ALIF DEWI SHINTA

Abstract

Kabudayan ana amarga anane manungsa. Uga manungsa sing nyipta kabudayaan lan manungsa sing ngetrapake dadi pathokane tata cara, saengga kabudayan bakale mesthi ana sadawane urip manungsa. Panaliten iki ngrembug ngenani kabudayan suroan kang dadi ritual lan hiburane masyarakat desa Wonosari kecamatan Wonosari Kabupaten Malang. Saka andharan ing ndhuwur, mula panaliti netepake irah-irahan “tradisi suran kang dadi kabudayan ing desa Wonosari kecamatan Wonosari Kabupaten Malang”. Alasan panaliti njupuk panaliten ngenani tradisi suran yaiku amarga ing sajroning tradisi iki ana kesenian lan ritual-ritual adat, saliyane kuwi uga bisa dadi sawijining hiburan sing narik kawigaten.Adhedhasar iku, tuwuh telu underan panliten, yaiku kepriye (1) kepriiye mula bukane TSGK, (2) kepriye kepriye struktur TSGK (3) Nilai Budaya apa kakng kinandhut sajroning TSGK. Adhedhasar underane panliten ing ndhuwu, tujuwan panliten iki yaiku, (1) kanggo ngandharake mula bukane TSGK kang nryitakake anane makam Eyang Djoego lan R.M Soedjono, (2) ngandharake struktur crita, (3) ngandharake nilai Budaya kang kinandhut sajrone TSGK, (4) ngandharake piguna TSGK, (5) Ngandharake panemu TSGK ing masyarakat. Panliten iki nduweni telung paedah yaiku, tumrap panaliti, pamaos lan bebrayan. Tumrap panliti, panliten iki bisa digunakake minangka sarana nambah ilmu lan wawasan mligine ing ilmu Tradhisi bab Suran. Tumrap pamaos, panliten iki bisa mbiyantu pamaos kanggo sawijine rujukan saka pitakonan bab TSGK anane Desa Wonosari Kecamatan Wonosari Kabupaten Malang. Tumrap bebrayan, panliten iki bisa didadeake minangka sumbangan tumrap pasinaonan mligine bab foklor setengah lisan kang ana gegayutane karo kajian bentuk, makna, lan fungsi. Kanggo siswa panliten iki uga bisa digawe pembelajaran. Babagan mula bukane TSGK kang nyritakake anane kesenian lan ngobong sengkala ing Desa Wonosari Kecamatan Wonosari Kabupaten Malang iki nggunakake konsep kang diandharake Koentjaraningrat (1990:180),TSGK iki di tintingi kanthi metode dheskriftif kualitatif. Amarga dhata kang di kumpulake wujud-wujud gambar. Pangumpulane dhata panliten ditindakake kanthi wawanrembug, observasi, lan dhokumentasi. Pratelan asile panliten iki nuduhake yen TSGK bisa dadi asset pariwisata ing Kabupaten Malang. Struktur tema utama ing TSGK yaiku ngenani keutamaan nindakake kewajiban lan semangat nujuwangke bab kang diugemi . pola alurne TSGK iki segitiga tidak beralas. Nilai Budaya kang kinandut sajroning TSGK iki yaiku (1) nilai budaya antarane manungsa dening Gustine, (2) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo manungsa liyane, (3) nilai budaya antarane manungsa karo masyarakat, (4) nilai budaya gegayutan antarane manungsa karo awake dhewe. Dene adhedhasar konsep pigunane Hutomo, piguna kang ana sajrone tradhisi iki antara liya, yaiku : (1) minangka sistem proyeksi, (2) minangka sarana ngesahake kabudayan. (3) minangka sarana panggulawentah anak, (4) minangka hiburan.
Published
2018-07-31
How to Cite
ALIF DEWI SHINTA, A. (2018). TRADHISI SURAN GUNUNG KAWI DESA WONOSARI KECAMATAN WONOSARI KABUPATEN MALANG (Tintingan Kajian Bentuk, Makna, lan Fungsi). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 184
PDF Downloads: 172