PITUTUR SAJRONE KUMPULAN WACAN BOCAH HADHIAH PALING ENDAH ANGGITANE ARDINI PANGASTUTI BN (TINTINGAN STRUKTURALISME GENETIK)

Authors

  • QURROTUL AYUN
  • DARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25p

Abstract

Kumpulan wacan bocah anggitane Ardini Pangsatuti Bn ora mung imajinasi saka pangripta nanging uga
kaprabawan saka kahanan kang ana ing sakiwa tengene pangripta. Bab kang narik kawigaten panliten saka kumpulan
wacan bocah HPE yaiku pitutur. Prakara kasebut cocog yen ditintingi kanthi tintingan strukturalisme genetik.
Adhedhasar lelandhesan kasebut, underane panliten iki yaiku: (1) Kepriye pitutur sajrone kumpulan wacan bocah
HPE anggitane Ardini Pangastuti Bn, (2) Kepriye pamawase pangripta ngenani pitutur sajrone kumpulan wacan
bocah HPE anggitane Ardini Pangastuti Bn, (3) Kepriye pamawase bebrayan ngenani pitutur kanggo anak sajrone
kasunyatan jaman saiki, (4) Kepriye pamawase jagad sajrone kumpulan wacan bocah HPE anggitane Ardini
Pangastuti Bn. Adhedhasar underane panliten kasebut, sacara umum panliten iki nduweni manfaat kanggo
pamulangan ing sekolahan khususnya SD, ora mung kanggo medhia pamulangan nanging uga kanggo aweh pitutur
tumrap bocah.
Panliten iki kalebu wujud panliten dheskriptif kualitatif. Sumber panliten kang digunakake yaiku dhata primer
kang arupa kumpulan wacan bocah kanthi irah-irahan Hadhiah Paling Endah, dene dhata sekunder yaiku wawancara
lan sumber panunjang liyane kayata artikel, buku-buku literatur, lan panliten-panliten sadurunge. Tata cara sajrone
nglumpukake dhata menggunakan metode studhi pustaka lan wawancara.
Asiling panliten yaiku: (1) pitutur sajrone kumpulan wacan bocah Hadhiah Paling Endah anggitane Ardini
Pangastuti Bn, yaiku tresna asih, tawakkal, prasaja, guyub rukun, taberi, lan jujur. (2) pamawase pangripta ngenani
pitutur sajrone kumpulan wacan bocah HPE anggitane Ardini Pangastuti Bn, minangka pengalaman uripe ing
lingkungan sosial lan kedadeyan-kedadeyan kang dialami dening Ardini Pangastuti dhewe wis kagambarake saka
pakulinan wiwit cilik. Nilai kang bisa dadi patuladhan marang bocah yen karo kanca kudu padha ngerti, nguwatake
lan menehi semangat. Semangat ora mung kanggo bab ngadhepi kahanan kasebut. Sajrone nindakake pakaryan,
jejibahan utawa sekolahe tansah semangat (3) pamawase bebrayan ngenani pitutur kanggo anak sajrone kasunyatan
jaman saiki, pancen penting banget pitutur kanggo anak. Sajrone ngecakake pitutur awit isih bocah kuwi minangka
dhasar kanggo mujudake kapribaden bocah. Dhasaring sikap lan tumindak kanggo ngadhepi pangrembakane jagad
teknologi kang saya ngrembaka. (4) pamawase jagad ngenani pitutur kaperang dadi papat yaiku nilai luhur kang
sesambungan karo Gusti Kang Maha Asih, nilai luhur kang sesambungan karo diri pribadhi (indhividhu), lan nilai
luhur kang sesambungan karo manungsa liyane.
Tembung-tembung wigati: pitutur, wacan bocah, strukturalisme genetik


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-08-13

How to Cite

AYUN, Q., & DARNI. (2018). PITUTUR SAJRONE KUMPULAN WACAN BOCAH HADHIAH PALING ENDAH ANGGITANE ARDINI PANGASTUTI BN (TINTINGAN STRUKTURALISME GENETIK). Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 39 , PDF Downloads: 134