DHENDHAM SAJRONE CERBUNG SEMPAL ANGGITANE ANTHIN YS TAUFAN PUTERA (TINTINGAN PSIKOANALISIS SIGMUND FREUD)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25pAbstract
Kabeh manungsa sok nduweni rasa dhendham sajrone diri pribadine marang pawongan liyane. Dhendhamutawa rasa benci gandheng raket karo rasa kuciwa, nesu lan iri ati. Rasa dhendham utawa benci iki mesthi ana sajrone
diri indhividu lan ora bakal ana rasa marem sadurunge nindakake sawijine pangrusakan, yen objek sasarane wis rusak
utawa mati banjur dheweke bakal ngrasa marem. Rasa dhendham sajrone diri manungsa pranyata narik kawigaten
pengarang kang dilebokake minangka prakara sajrone karya sastra. Salah sawij ine karya sastra kang ngangkat perkara
dhendham yaiku cerbung Sempal anggitane Anthin YS Taufan Putera. Adhedhasar andhara kasebut, cerbung Sempal
iki narik kawigaten kanggo ditliti mawa tintingan psikoanalisis Sigmundd Freud.
Underan panliten iki yaiku (1) kepriye struktur kapribaden, (2) kepriye panyebab anane dhendham, (3) kepriye
wujud dhendham, lan (4) kepriye mekanisme pertahanan ego. Ancas panliten iki yaiku (1) ngandharake struktur
kapribaden, (2) ngandharake panyebab dhendham, (3) ngandharake wujud dhendham, lan (4) ngandharake mekanisme
pertahanan ego sajrone cerbung Sempal anggitane Anthin YS Taufan Putera. Dene paedahe panliten iki diajab bisa
kanggo pamawas panliten sabanjure.
Teori panliten iki yaiku nggunakake tintingan psikoanalisis Sigmund Freud. Methodhe kang digunakake yaiku
metodhe dheskriptif kualitatif kanthi tintingan psikologi sastra. Sumber dhata arupa cerbung Sempal anggitane Anthin
YS Taufan Putera. Dhata panliten iki yaiku tembung lan ukara sajrone cerbung Sempal anggitane Anthin YS Taufan
Putera. Dene tata cara ngumpulake dhata yaiku kanthi teknik maca, cathet, lan nglompokake dhata. Tata cara pangolahe
dhata digunakake methodhe dheskriptif analisis kanthi cara njlentrehake data banjur dianalisis.
Asile panliten iki kaperang dadi papat. (1) Struktur kapribaden miturut Sigmund Freud yaiku Id, Ego, lan
Super Ego. (2) Panyebab anane dhendham kaperang dadi telu yaiku, tresnane anak marang wong tuwane, donya brana,
lan pepisahan kulawarga. (3) Wujud dhendham kang disandhang dening Irawan yaiku kanthi nyedani ibu tirine lan
Seno. (4) Mekanisme Pertahanan ego ana patang perangan yaiku Sublimasi yaiku Irawan kang owah dadi bocah
kenthir supaya ora dipateni dening ibu tirine lan supaya bisa nylametake bandha tinggalane bapak kandhunge. Reaksi
Formasi yaiku Irawati kang nindakake pertahanan diri marang Seno kang nduweni glagat kang ala, uga rasa kaget
kang ditindakake Irawan nalika mnagerteni yen Irawati kuwi mbakyu kandhunge. Pengalihan (Displacement) yaiku
nalika Irawan ngalihane sasaran kanggo ngungkapake rasa nesune menyang manuk derkuku. Pungkasan yaiku Represi
yaiku ditindakake dening Irawan nalika dheweke ditinggal ibu lan mbakyune lunga.
Tembung wigati: naluri kematian, psikologi sastra, Sigmund Freud.
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2018-08-13
How to Cite
WAHYU AMELIAWATI, Y., & DARNI. (2018). DHENDHAM SAJRONE CERBUNG SEMPAL ANGGITANE ANTHIN YS TAUFAN PUTERA (TINTINGAN PSIKOANALISIS SIGMUND FREUD). Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Issue
Section
Articles

