SESAMBUNGAN SINTAGMATIK ENKAPSULASI SOLAHE KEWAN ING BASA JAWA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25pAbstract
Panliten iki mligi nliti bab enkapsulasi sajrone solahe kewan. Solahe kewan maneka warna amarga jinisekewan kang akeh. Adhedhasar pakulinane, solahe kewan kasebut kaperang dadi telung jinis yaiku, (1) carane
nyuwara, (2) carane mangan, lan (3) carane narung/pakulinan. Telung jinis kasebut banjur digoleki enkapsulasine.
Jinise kewan kang akeh diperang dadi lima, adhedhasar sesambungane karo manungsa yaiku kewan raja kaya,
kewan ingon-ingon, kewan galak, kewan ngendhog, lan kewan nggremet. Adhedhasar bab kasebut punjere panliten
yaiku (1) Apa wae golongane sesambungan sintagmatik solahe kewan ing basa Jawa? (2) Kepriye carane
mbuktekake golongane sesambungan sintagmatik enkapsulasi solahe kewan ing Basa Jawa? Tujuwan sajrone
panliten iki, supaya ngerti apa wae enkapsulasi solahe kewan ing basa Jawa lan kepriye analisise kanthi tri aspek
sintaksis.
Panliten iki kalebu jinis panliten linguistik sinkronis lan nduweni sipat dheskriptif. Sumber dhatane
panliten yaiku kalawarti panjebar semangat taun 2014-2017. Dhata dianalisis kanthi nggunakake tri aspek sintaksis,
teknik substitusi, lan permutasi. Asile panliten iki nduweni panemu yen enkapsulasi ana ing solahe kewan cacah 80
kewan, kaperang ing golongane ana 38 kewan lan carane mbuktekake ana 42, nduweni panemu rumus sajrone
enkapsulasi solahe kewan ing basa Jawa, yaiku kewan lan solahe, solahe lan kewan.
Tembung Wigati: sesambungan sintagmatik, enkapsulasi, lan solahe kewan.
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2018-08-13
How to Cite
UMMAHATUN, & MURDIYANTO. (2018). SESAMBUNGAN SINTAGMATIK ENKAPSULASI SOLAHE KEWAN ING BASA JAWA. Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Issue
Section
Articles

