UPACARA TRADHISI LARUNG SESAJI ING DESA SERANG KECAMATAN PANGGUNGREJO KABUPATEN BLITAR (SEMIOTIK KULTURAL)

  • ERNA ANGGRAINI
  • SRI SULISTIANI

Abstract

Upacara Tradhisi Larung Sesaji (UTLS) minangka salah sawijine tradhisi kanggo wujud rasa
syukure masyarakat desa Serang marang Gusti Pangeran kang wis paring panen iwak lan asil bumi liyane,
kasarasan, sarta kaslamatan tumrap para warga. UTLS dilaksanakake saben setaun pisan yaiku saben sasi
Sura. Punjering panliten kang bakal dijlentrehake sajrone panliten iki yaiku: (1) kepriyen kahanan
masyarakat desa Serang, (2) kepriye mula bukane UTLS, (3) kepriye tata rakite UTLS (4) apa makna denotasi
lan konotasi sajrone ubarampe UTLS, (5) nilai budaya apa kang ana sajrone UTLS, (6) kepriye owah-owahan
budaya sajrone UTLS.
Paedah panliten UTLS yaiku: (1) bisa nambahi kawruh ngenani kabudayan Jawa mligine ngenani
UTLS ing Kabupaten Blitar, (2) kanggo ngleluri kabudayan Jawa tinggalane sesepuh, awit bisa nambahi
regenge budaya Jawa lan nuwuhake semangat tumraping para mudha supaya luwih wigati marang
kabudayane, (3) nambah pangaribawa owah-owahan kabudayan Jawa minangka perangan saka kabudayan,
(4) kanggo referensi panulis liyane lan bisa nuwuhake tresnane masyarakat marang budayane dhewe.
UTLS bakal ditintingi nggunakake tintingan Semiotik Kultural. Amarga UTLS minangka kabudayan
kang ngrembug bab makna lan nilai budaya tumrap masyarakat. Sajrone panliten iki kanggo ngudari
masalah nggunakake kajian Semiotik Kultural teori Barthes lan kajian nilai budaya teori Tumanggor. Owahowahan budaya nggunakake konsep Koentjaraningrat. Panliten ngenani UTLS nggunakake ancangan
panliten dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang ana sajrone panliten iki keperang dadi sumber dhata
primer lan sekunder.
Asil panliten iki nuduhake yen UTLS ing segara Serang ana nalika taun 1721 nalika babate Serang
tujuwane kanggo ngaturake wujud rasa syukur marang Gusti. Wiwit saka iku banjur dilaksanakake kanthi
cara turun-temurun dening Adipati Aryo Balitar uga nganti tumekane saiki. Urut-urutan tatarakit UTLS
yaiku diwiwiti ngresiki pinggirane segara Serang lan dipungkasi adicara mangan bebarengan. Ubarampeubarempe kang digunakake sajrone UTLS iku cacahe ana 16 kayata tumpeng lanang, tumpeng wadon, lan
liya-liyane.
Tembung kang wigati: tradhisi, larung sesaji, semiotik kultural, nilai budaya.


Published
2018-08-24
How to Cite
ANGGRAINI, E., & SULISTIANI, S. (2018). UPACARA TRADHISI LARUNG SESAJI ING DESA SERANG KECAMATAN PANGGUNGREJO KABUPATEN BLITAR (SEMIOTIK KULTURAL). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 62
PDF Downloads: 103