AKTUALISASI DHIRI SAJRONE NOVEL SREPEG TLUTUR ANGGITANE TIWIEK SA (TINTINGAN PSIKOLOGI HUMANISTIK ABRAHAM MASLOW)

  • ZAKIYATUL FIKRIYAH
  • LATIF NUR HASAN

Abstract

Jinis lan tingkat kabutuhane saben manungsa beda-beda gumantung kabutuhan pribadine
manungsa kasebut. Wujuding kabutuhan-kabutuhan manungsa ing donya nyata digambarake dening
pangripta karya sastra Jawa modhern lumantar paraga-paraga reriptane. Miturut tabel hirarki kabutuhan,
wujud kabutuhan kang paling dhuwur yaiku aktualisasi dhiri. Hirarki kabutuhan kagambar awujud
piramida, kabutuhan aktualisasi dhiri mapan ing pucuk. Bab kasebut ateges ora saben manungsa bisa
nggayuh anane kabutuhan aktualisasi dhiri iki. Wujud aktualisasi dhiri kagambar sajrone novel Srepeg
Tlutur anggitane Tiwiek SA. Aktualisasi dhiri digambarake lumantar sipat lan tumindak para paraga
utama sajrone merjuwangake uripe. Mula, sajrone panliten iki bakal nliti ngenani wujud aktualisasi dhiri
sajrone novel Srepeg Tlutur kanthi tintingan psikologi humanistik Abraham Maslow.
Underan panliten iki yaiku (1) kepriye wujud aktualisasi dhiri sajrone novel Srepeg Tlutur
anggitane Tiwiek SA. ?, (2) kepriye perkara kang ngalangi proses aktualisasi dhiri sajrone novel Srepeg
Tlutur anggitane Tiwiek SA.?, lan (3) kepriye upaya kang ditindakake ing proses aktualisasi dhiri sajrone
novel Srepeg Tlutur anggitane Tiwiek SA. ? Laras klawan underane panliten kasebut, tujuwan panliten iki
yaiku ngandharake (1) wujud aktualisasi dhiri, (2) perkara kang ngalangi proses aktualisasi dhiri, lan (3)
upaya kang ditindakake ing proses aktualisasi dhiri. Paedah saka panliten iki yaiku murih bisa luwih
njangkepi panliten sastra mligine sastra Jawa modhern. Panliten iki bisa menehi kawruh tumrap pamaca
lan bisa dadi bahan rujukan kanggo panliten sabanjure. Metode kang digunakake sajrone panliten iki
yaiku metode dheskriptif kualitatif. Sumber dhata panliten iki awujud novel kanthi irah-irahan Srepeg
Tlutur anggitane Tiwiek SA. Wujud dhata sajrone panliten iki yaiku tembung, frase lan ukara. Tata cara
pangumpulane dhata yaiku kanthi teknik studi kapustakan. Anggone ngandharake dhata panliten
nggunakake metode dheskriptif analisis kanthi tintingan psikologi humanistik Abraham Maslow.
Asiling panliten iki diperang dadi telu yaiku (1) wujud aktualisasi dhiri kang bisa digayuh dening
paraga utama yaiku mawas kanyatan kanthi efisien, nriman, spontan, prasaja, lan wajar, munjerake
perkara, bisa misahake dhiri (kabutuhan privasi), mandhiri, nduweni kawigaten sosial, nduweni
sesambungan antarpribadi, kreatif, nulak tumrap enkulturasi, katresnan sejati bisa kagayuh, lan sadrajad.
Sakabehe wujud aktualisasi dhiri kang disebutake kasebut bisa digayuh dening paraga utama sajrone
novel Srepeg Tlutur. Nanging utamane yaiku paraga utama bisa dadi guru Sekolah Dhasar lan nggayuh
katresnan sejati. Bab kasebut dadi wujuding aktualisasi dhiri dening paraga utama yaiku Munarsih lan
Priyadi. (2) perkara kang ngalangi proses aktualisasi dhiri yaiku diruda peksa, kepeksa nikah, lan urip
sengsara. (3) upaya kang ditindakake sajrone proses aktualisasi dhiri yaiku tumindak kanthi tumemen
(totalitas), milih urip samadya, tumindak mantriwira, nindakake lan nampa kebecikan, sarta laku jujur.
Sakabehane wujud aktualisasi dhiri paraga utama yaiku bisa kasil anggone mujudake pepenginane dadi
guru Sekolah Dhasar lan nggayuh katresnan kang sejati. Saengga bisa ngowahi panguripane dadi luwih
becik tinimbang sadurunge.
Tembung-tembung wigati : Kabutuhan Manungsa, Hirarki Kabutuhan, Aktualisasi Dhiri


Published
2018-08-24
How to Cite
FIKRIYAH, Z., & NUR HASAN, L. (2018). AKTUALISASI DHIRI SAJRONE NOVEL SREPEG TLUTUR ANGGITANE TIWIEK SA (TINTINGAN PSIKOLOGI HUMANISTIK ABRAHAM MASLOW). JOB (Jurnal Online Baradha), 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 35
PDF Downloads: 24