IMPLIKATUR SAJRONE PACATURAN BASA JAWA ING MEDHIA WHATSAPP GRUP 2014 B TAUN 2017

Authors

  • ALVIAN BAYU KRESNA
  • YOHAN SUSILO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25p

Abstract

Implikatur sajrone panliten iki yaiku pacaturan basa Jawa ing medhia whatsapp amarga tuturan kang
dumadi antarane wong siji lan liyane ngemu makna sajrone pacaturan lan maksud liya karo apa kang
sabenere dikandhakake. Tujuwan nliti implikatur sajrone pacaturan basa Jawa ing medhia whatsapp grup
2014 B taun 2017 amarga whatsapp minangka sosial medhia kang saiki lagi digandrungi dening bebrayan lan
panliten ngenani implikatur ing medhia sosial mligine pacaturan basa Jawa sajrone whatsapp durung ana
sadurunge.
Asil panliten iki diweruhi jinis implikatur. Jinis implikatur iki ana loro, yaiku (1) implikatur
konvensional kang diperang maneh dadi loro, yaiku implikatur konvensional simbolik lan implikatur
konvensional non-simbolik. (2) Jinis implikatur konversasional, uga diperang maneh dadi loro, yaiku
implikatur konversasional umum lan implikatur konversasional mligi. Uga diweruhi tujuwan implikatur
kang kaperang dadi loro, yaiku implikatur kanthi tujuwan ekspresif lan implikatur kanthi tujuwan direktif.
Tembung Wigati: Implikatur, Pacaturan, Medhia Whatsapp, Grup 2014 B


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-08-24

How to Cite

BAYU KRESNA, A., & SUSILO, Y. (2018). IMPLIKATUR SAJRONE PACATURAN BASA JAWA ING MEDHIA WHATSAPP GRUP 2014 B TAUN 2017. Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 35 , PDF Downloads: 48