MODHALITAS INTENSIONAL ING BASA JAWA DIANA PUTRI SEKARINI

Authors

  • DIANA PUTRI SEKARINI
  • SURANA

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25p

Abstract

Modhalitas intensional minangka jinise modhalitas ing basa Jawa narik kawigaten merga durung ana
kang njlentrehake kanthi cetha tur jangkep. Dideleng saka panganggone basa saben dinan utamane ing basa Jawa,
anane modhalitas intensional kurang digatekake dening panutur. Panutur kerep nuturake tembung, frasa, klausa,
lan ukara sing nuduhake titikane modhalitas intensional sajrone pacaturan saben dinan nanging dheweke ora
sadhar yen lagi nggunakake titikane modhalitas intensional. Bab kasebut nuduhake yen modhalitas intensional isih
kurang nduweni kekarepan kanggo disinaoni dening masyarakat utamane panutur basa Jawa. Saka punjer
kasebut, underane panliten iki yaiku rong underan. (1) perangane modhalitas ing basa Jawa. (2) perangane
modhalitas intensional ing basa Jawa. Adhedhasar underan kasebut tujuwane panliten iki yaiku (1) ngandharake
lan njlentrehne perangane modhalitas ing basa Jawa. (2) ngandharake lan njlentrehne perangane modhalitas
intensional ing basa Jawa.
Teori kang digunakake yaiku teori semantik gramatikal kang nganggo ancangan sintagmatik. Kanggo
ngandharake dhata modhalitas intensional ing basa Jawa, dhata kasebut kalebu dhata tulis kanthi cara teknik
semak lan teknik cathet. Dhata dijlentrehake kanthi cara agih yaiku distribusional. Dene panyuguhane dhata
kanthi metodhe informal.
Modhalitas intensioanl ing basa Jawa bisa dititiki adhedhasar panggolonge, yaiku (1) pepenginan, (2)
pangajab, (3) pangajak, lan (4) panjaluk. Adhedhasar pepenginan diperang dadi papat, yaiku ana kepenginan,
pengin, gelem utawa arep, lan bakal. Adhedhasar pangajab diperang dadi loro, yaiku ana mbok lan muga-muga.
Adhedhasar pangajak diperang dadi loro, yaiku ana ayo lan ajak. Adhedhasar panjaluk diperang dadi papat,
yaiku ana jaluk utawa suwun, tulung, coba, lan ayo.
Tembung Wigati: Modhalitas, modhalitas intensional, basa Jawa.


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-08-24

How to Cite

PUTRI SEKARINI, D., & SURANA. (2018). MODHALITAS INTENSIONAL ING BASA JAWA DIANA PUTRI SEKARINI. Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 35 , PDF Downloads: 58