TRADHISI MANGANAN ING PETILASAN RANGGALAWE DESA TALUN KECAMATAN PLUMPANG KABUPATEN TUBAN (TINTINGAN FOLKLOR)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25pAbstract
TMIPR yaiku salah sawijining tradhisi kang ana ing petilasan Ranggalawe. Tradhisi ditindakake saben tauning dina Setu Pon, sasi Jumadil Awal, minangka wujud pakurmatan, rasa syukur dhumateng Gusti lan pangajab supaya
adoh saka bebaya. Tradhisi kasebut wujud folklor setengah lisan. Underane panliten yaiku: 1) Kepriye mula bukane
petilasan Ranggalawe lan TMIPR, 2) Tradhisi apa wae ing petilasan, 3) Kepriye simbol, makna lan nilai kang
kinandhut, 4) Kepriye piguna sajrone tradhisi, 5) Kepriye owah-owahan sajrone TMIPR. Ancas panliten yaiku 1)
Ngandharake mula bukane petilasan lan tradhisi, 2) Wujud tradhisi kang ana ing Petilasan, 3) Ngandharake simbol,
makna lan nilai, 4) Ngandharake piguna sajrone tradhisi, lan 5) Ngandharake owah-owahan sajrone tradhisi. Paedah
penelitian, yaiku: 1) Bisa nambah kawruh ngenani folklor setengah lisan, 2) Menehi informasi ngenani sejarah, Fungsi,
simbol lan makna, 3) Bisa dadi referensi kanggo panliten bacute.
Kanggo ngonceki masalah, panliten nggunakake teori lan konsep. Konsep folklor nggunakake panemu
Bruvand, legendha panemu Danandjaja kanggo njlentrehake simbol nggunakake panemu Sudikan. Babagan fungsi
ditintingi nganggo Bascom sajrone Danandjaja. Nilai budaya nggunakake panemu Djamaris, lan owah-owahan
nggunakake konsep Koentjaraningrat. TMIPR ditintingi kanthi metodhe dheskriptif kualitatif kanthi pendhekatan
folklor. Instrumen panliten yaiku panliti, dhaptar pitakonan, lan alat bantu digunakake kanggo ngumpulake dhata.
Teknik ngumpulake dhata yaiku kanthi cara observasi, wawancara lan dhokumentasi. kanggo nganalisis dhata
nggunakake open coding, acial coding, lan selective coding.
Saliyane TMIPR uga ana tradhisi liyane yaiku: 1) Slametan, 2) Tahlilan, 3) Pleretan, lan 4) Wiwitan. TMIPR
nduweni tata laku yaiku: 1) Nyusun panitia, 2) Nyiapake panggonan, 3) Kerja bakti, 4) Nyiapake piranti lan ubarampe,
5) Hiburan, lan 6) Dhahar bareng. TMIPR uga nduweni Ubarampe, yaiku 1) Tumpeng, 2) Panggang pitik, 3) Urapurapan, 4) Jajan pasar, 5) Gedhang raja, 6) Rengginang, 7) Pala pendhem, 8) Kembang setaman lan 9) Dupa. Wujud
Nilai budaya sajrone TMIPR yaiku: 1) Nilai Budaya Nggayutake Manungsa marang Gustine, 2) Alam, 3) Manungsa
liyane, 4) Bebrayan, lan 5) Awake Dhewe. Panliten iki nduweni piguna yaiku 1) Minangka Sistem Proyeksi, 2)
Pengesahan Pranata lan lembaga Kabudayan, 3) Pendhidhikan, lan 4) Kendhali Sosial. Piguna liyane yaiku kanggo
Nentremake ati, Hiburan, Ningkatake rasa solidharitas, lan Nglestarikake budaya. TMIPR nduweni Owah-owahan
yaiku saka faktor njero yaiku discovery lan invention, dene faktor njaba yaiku difusi lan akulturasi.
Tembung kunci: Tradhisi Manganan, Petilasan, Ranggalawe, Folklor
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2018-08-28
How to Cite
PUSPITA SRIRAHAYU, T., & SUWARNI. (2018). TRADHISI MANGANAN ING PETILASAN RANGGALAWE DESA TALUN KECAMATAN PLUMPANG KABUPATEN TUBAN (TINTINGAN FOLKLOR). Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p
Issue
Section
Articles

