KALUNGGUHAN WANODYA SAJRONE KUMPULAN CERKAK MBOK SAH ANGGITANE FITRI GUNAWAN (TINTINGAN FEMINISME)

Authors

  • CITRA NANDA AUDEA AJASTA
  • SUWARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%25p

Abstract

Kumpulan Cerkak Mbok Sah anggitane Fitri Gunawan yaiku salah sawijine wujud karya sastra Jawa
Modern kang menehi gambaran ngenani kalungguhan paraga wanodya. Saben cerkake ndadekake
wanodya minangka paraga kang nindakake sawijining pakaryan saengga mujudake kalungguhane. Mula
underaning panlitene yaiku; (1) kepriye watak paraga wanodya sajrone kumpulan cerkak MS anggitane Fitri
Gunawan, (2) kepriye kalungguhan paraga wanodya, (3) kepriye patrap paraga priya marang paraga
wanodya. Jumbuh karo underan kasebut, ancase panliten yaiku: (1) njlentrehake watak paraga wanodya (2)
njlentrehake kalungguhan paraga wanodya, (3) njlentrehake patrap paraga priya marang paraga wanodya.
Paedahe panliten iki kanggo nambahi kawruh ngenani kalungguhan wanodya sajrone kumpulan cerkak
kanthi tintingan feminisme.
Panliten iki nggunakake teori feminisme liberal kang ngandharake yen wanodya kudu antuk hak-hake
kanthi nindakake kalungguhane ing njabane omah lan njero omah. Metodhe kang digunakake yaiku
dheskriptif kualitatif. Sumber dhata kang digunakake yaiku arupa 10 cerkak sajrone kumpulan cerkak MS.
Dhatane panliten iki arupa tembung lan ukara kang sesambungan karo underaning panliten. Tatacara
nglumpukake dhata nggunakake metodhe studi kapustakan yaiku pilih lan maca banjur nyathet dhata kang
laras karo panliten. Tatacara ngolah dhata nggunakake metodhe dheskriptif analisis.
Asil panliten iki yaiku ngandharake (1) watak paraga wanodya sajrone kumpulan cerkak MS kang
diperang dadi watak alus, ayu, emosional, lan keibuan, (2) kalungguhan paraga wanodya kang diperang dadi
loro yaiku tradhisional lan mandhiri. Wanodya tradhisional diwujudake minangka ibu, anak, lan bojo. Dene
wanodya mandhiri minangka pendhidhik, panyerat, abdi, lan PNS, (3) Patrap paraga priya marang
wanodya kang diperang dadi loro yaiku becik lan ala. Patra becik diwujudake kanthi seneng ngelem,
trapsila, lan sareh. Patrap ala diwujudake kanthi mara tangan, ngamuk, lan ngunggulake wanodya liya.


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-08-28

How to Cite

NANDA AUDEA AJASTA, C., & SUWARNI. (2018). KALUNGGUHAN WANODYA SAJRONE KUMPULAN CERKAK MBOK SAH ANGGITANE FITRI GUNAWAN (TINTINGAN FEMINISME). Jurnal Online Baradha, 3(3). https://doi.org/10.26740/job.v3n3.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 46 , PDF Downloads: 27