KOMUNIKASI VERBAL LAN NONVERBAL GURU BASA JAWA SAJRONE PIWULANGAN ING KELAS VII SMPN 1 SIDOARJO

  • SITI NURFAIZAH
  • UDJANG PAIRIN

Abstract

Basa minangka piranti kang wigati kanggo komunikasi. Komunikasi ora bisa kedadeyan yen ora ana simbolsimbol basa kang di gunakake. Komunikasi yaiku proses ngandharake pesan, dadi faktor utama kang kudu bisa yaiku
basa sajrone pacelathonan. Komunikasi kasebut bisa ditindakake lumantar basa verbal lan nonverbal. Basa verbal lan
nonverbal kasebut bisa ditemtokake ing tuturane guru basa Jawa sajrone piwulangan ing kelas VII SMPN 1 Sidoarjo.
Adhedhasar andharan kasebut undherane panliten iki yaiku (1) Kepriye wujud komunikasi verbal lan
nonverbal guru Basa Jawa sajrone piwulangan ing kelas VII SMPN 1 Sidoarjo? (2) Apa kang nglandhesi utawa sabab
musababe digunakake komunikasi verbal lan nonverbal guru Basa Jawa sajrone piwulangan ing kelas VII SMPN 1
Sidoarjo? (3) Apa tujuwan digunakake komunikasi verbal lan nonverbal guru basa Jawa sajrone piwulangan ing kelas
VII SMPN 1 Sidoarjo?
Panliten iki kagolong panliten basa kang asipat deskriptif kualitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki arupa
tuturane guru Basa Jawa sajrone piwulangan ing kelas VII SMPN 1 Sidoarjo. Asil saka panliten iki yaiku (1) Wujud
komunikasi verbal lan nonverbal guru Basa Jawa sajrone piwulangan ing kelas VII SMPN 1 Sidoarjo yaiku komunikasi
verbal (KV) gestural, Komunikasi verbal (KV) postural, Komunikasi verbal (KV) fasial, lan Komunikasi verbal (KV)
paralinguistik. Tuturan sajrone komunikasi kasebut arupa berita (deklaratif), pitakon (interogatif), prentah (imperatifi).
(2) sabab musabab kang digunakake guru Basa Jawa kasebut yaiku kanggo mbenerake,kanggo ngongkon, kanggo
menehi kawruh, kanggo menehi teguran, lan kanggo menehi wangsulan. (3) Tujuwan digunakake komunikasi verbal
lan nonverbal kasebut nalika cecaturan karo mitra tuture yaiku tujuwane lokusi, ilokusi, lan perlokusi.
Tembung-tembung kang wigati: Komunikasi verbal lan nonverbal, Guru Basa Jawa.


Published
2018-09-03
How to Cite
NURFAIZAH, S., & PAIRIN, U. (2018). KOMUNIKASI VERBAL LAN NONVERBAL GURU BASA JAWA SAJRONE PIWULANGAN ING KELAS VII SMPN 1 SIDOARJO. JOB (Jurnal Online Baradha), 4(4). https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 44
PDF Downloads: 18