SESAMBUNGAN LEGENDHA BABAD KANDANGAN KARO TRADHISI MENDHEM GOLEKAN ING DESA KANDANGAN KECAMATAN KANDANGAN KABUPATEN KEDIRI (TINTINGAN FOLKLOR)

Authors

  • FADHILA INKA AGUSTIN
  • SRI WAHYU WIDAYATI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%25p

Abstract

Legendha Babad Kandangan kang sesambungan raket karo tradhisi mendhem golekan, kepriye
makna simbolik kang dikandhut sajrone LBKTMG, kepriye tatalaku tradhisi, kagunaan, sarta owah gingsire
upacara tradhisi mendhem golekan. Mula kadudut undherane panliten yaiku, (1) Kepriye mula buka
LBKTMG? (2) Kepriye wujud lan makna ubarampe kang digunakake sajrone LBKTMG? (3) Kepriye tatalaku
LBKTMG? (4) Kepriye fungsi sajrone LBKTMG? (5) Apa piguna kang kinandhut sajrone LBKTMG? (6)
Kepriye wujud owah gingsire LBKTMG? Wondene ancas saka panliten iki yaiku, (1) Ngandharake legendha
Babad Kandangan, (2) Ngandharake wujud lan makna ubarampe sajrone LBKTMG, (3) Ngandharake
tatalaku LBKTMG, (4) Ngandharake fungsi sajrone LBKTMG, (5) Ngandharake paedah kang kinandhut
sajrone LBKTMG, (6) Ngandharake wujud owah gingsire LBKTMG. Paedah ing panliten iki asipat praktis,
kaperang dadi loro yaiku umum lan mligi. Paedah kang asipat umum saka panliten iki bisa ditujokake
marang panliten, pamarentah, lan masyarakat.
LBKTMG iki raket banget sesambungane, anane tradhisi mendhem golekan iku adhedhasar saka
legendha babad Kandangan. Wujud tradhisi mendhem golekan ana rong unsur yaiku unsur fisik lan unsur
lesan. Unsur fisik dideleng saka tata lakune tradhisi mendhem golekan, yaiku: slametan lan tradhisi
mendhem golekan. Slametan ing tradhisi mendhem golekan iki nalika malem jemuwah wayah awan.
Tradhisi mendhem golekan wayah esuk ana adicara mendhem golekan, sawur puspita, slametan hasil bumi.
Ubarampe panjangkepe adicara kang digunakake sajrone tradhisi mendhem golekan, yaiku: (1) tumpeng
mujudake kekarepane supaya rejekine kaya gung, (2) jenang sengkala nduweni makna kanggo nolak
sakabehe bebaya, (3) kembang setaman mujudake lambang nyucekne dhiri. Unsur lesan bisa dideleng saka
legendha kang wujude babad Kandangan, saka donga-donga nalika ngujubake slametan.
Fungsi folklor sajrone LBKTMG: 1) minangka sitem proyeksi, yaiku kaca pangilone angen-angen saka
kolektif. 2) minangka sarana pangesahe budaya, 3) minangka sarana pendhidhikan, 4) minangka piranti
kanggo meksa lan ngawasi paugerane bebrayan, supaya tansah diugemi lan ditindakake dening bebrayan
utawa kolektif , 5) minangka alat hiburan, lan 6) minangka fungsi ekonomi. Inovasi kang mlebu sajrone
LBKTMG Sebab ana owah-owahan wiwit jaman semono nganti saiki, kaya ana tambahan ubarampe, ana
tambahan tata laku ing kirab budaya. Piguna kang kinandhut sajrone LBKTMG maneka werna, saka piguna
manifest yaiku hiburan, dakwah, silaturahmi, lan ekonomi masyarakat dadi mundhak. Dene ana piguna
laten, yaiku sisa ubarampe slametan kang ora digunakake nggawe regede papan LBKTMG.
Tembung Wigati: Legendha lan Tradhisi.


Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-09-03

How to Cite

INKA AGUSTIN, F., & WAHYU WIDAYATI, S. (2018). SESAMBUNGAN LEGENDHA BABAD KANDANGAN KARO TRADHISI MENDHEM GOLEKAN ING DESA KANDANGAN KECAMATAN KANDANGAN KABUPATEN KEDIRI (TINTINGAN FOLKLOR). Jurnal Online Baradha, 4(4). https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 57 , PDF Downloads: 99