SIKAP INTROVERT SAJRONE NOVEL KEMBANG GAMBOJA JINGGA ANGGITANE TULUS S (TINTINGAN PS IKOLOGI KAPRIBADEN CARL GUSTAV JUNG )
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%25pAbstract
Novel kanthi irah-irahan Kembang Gamboja Jingga kuwi nyritakake sikap introvert kang disandang dening paraga Hendra. Novel iki anggitane Tulus Setiyadi. Sajrone novel iki sikap introverte paraga Hendra iki ndadekake dheweke nduweni sifat egois lan ora tanggung jawab marang kulawargane. Sikap introvert paraga Hendra nggunakake pendekatan Psikologi Sastra. Adhedhasar andharan kasebut, prakara kang bakal dianalisis ing panliten iki yaiku: (1)
Kepriye gegambarane sikap introvet sajrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi? (2) Kepriye problem saka sikap introvert sajrrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi? (3) Kepriye upayane paraga sajrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi? (4) Kepriye akibat saka sikap introvet sajrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi? Gegayutan karo underane panliten kasebut, panliten iki nduweni tujuwan yaiku: (1) Ngandharake gegambarane sikap introvet sajrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi. (2) Ngandharake problem saka sikap introvert sajrrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi. (3) Ngandharake upayane paraga kanggo nutupi prakara lumantar fungsi jiwa sajrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi. (4) Ngandharake akibat saka sikap introvet sajrone novel KGJ anggitane Tulus Setiyadi. Tintingan kang digunakake sajrone panliten iki yaiku tintingan Psikologi Sastra mligine Psikologi Kapribadhen Carl Gustav Jung. Panliten iki kalebu wujud panliten dheskriptif kualitatif. Teknik pangumpulaning dhata sajrone panliten iki nggunakake teknik njingglengi lan nyathet, kanthi cara njingglengi sumber dhata lan nyathet tembung-tembung utawa ukara sing laras lan trep karo underaning panliten. Sumber panliten kang digunakake yaiku novel kanthi irah-irahan Kembang Gamboja Jingga. Asiling panliten kaperang dadi papat yaiku kaping pisan ngenani sikap introverte paraga Hendra marang kulawargane lan uga ing masyarakat. Kaping loro yaiku ngenani problem kang tuwuh ing panguripane Hendra karo Widya, sadurunge Hendra lan Widya nikah wis nduweni problem yaiku ora direstui dening wong tuwane Widya, lan sawise nikah saya akeh problem utawa masalah yaiku masalah pangupajiwa lan masalah ekonomi. Kaping telu yaiku upayane Hendra ngowahi sikap introverte dadi ekstrovert marang kulawargane lan uga masyarakat, Widya uga melu ngewangi ngupaya supaya bisa ngowahi panguripane ing bebrayan. Kaping papat yaiku akibat saka sikap introverte Hendra, akibate yaiku wiwit saka Pak Prapto bapake Widya ora seneng marang penggaweyane Hendra, saka kuwi Hendra diutus golek penggaweyan liya nan
ging Hendra ora gelem. Wiwit kuwi bapake Widya ora seneng marang mantune lan ora gelem ngakoni yen Hendra kuwi mantune, nganti ngancem Hendra yen dheweke ora gelem golek penggaweyan liya bakal dipisahake karo Widya. Wiwit saka pangancame maratuwane Hendra wis ora wani dadi juru beksa maneh, lan wiwit kuwi uga dheweke lara nganti dadi patine.
Tembung wigati: sikap introvert lan kapribaden.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

