ASPEK PUNGTILIAR TELIS ING BASA JAWA
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%25pAbstract
Aspek pungtiliar telis ing basa Jawa kalebu sawijine aspek pungtiliar ing semantik gramatikal. Saperangan ukara ing basa Jawa pancen ngandhut aspek pungtiliar elis, nanging mung ukara kang mawa titikan tartamtu. Salah sijine titikan kasebut, yaiku anane aspek kang matesi tembung kriyane. Adhedhasar andharan ing kasebut, panliten iki nduweni underan, yaiku apa wae jinise aspek pungtiliar telis adhedhasar dhiatesis tanduk kanthi landhesan triaspek sintaksis, apa wae jinise aspek pungtiliar telis adhedhasar dhiatesis tanggap kanthi lan dhesan triaspek sintaksis, apa wae jinise aspek pungtiliar telis adhedhasar dhiatesis baliangga kanthi landhesan triaspek sintaksis, lan apa wae jinise aspek pungtiliar telis adhedhasar dhiatesis tanggap-tarung kanthi landhesan triaspek sintaksis. Adhedhasar undere panliten, ancase panliten iki ngandharake lan njlentrehake jinise aspek pungtiliar telis. Panliten iki kalebu panliten sinkronis. Teori kang digunakake, yaiku teori transformasi generatif Chomsky. Dhata kang digunakake, yaiku dhata tulis arupa ukara kang ngandhut aspek pungtiliar telis saka kalawarti Panjebar Semangat taun 2016. Carane nglumpukake dhata nggunakake metodhe semak kanthi teknik cathet. Carane njlentrehake dhata nggunakake metodhe agih kanthi teknik ngambakake, teknik nyingidake, lan teknik owah wujud. Dene carane nyuguhake asil panjlentrehe dhata kanthi formal lan informal. Panliten iki ngasilake dudutan yen aspek pungtiliar telis adhedhasar valensi-sintaksise bisa diperang dadi 13. Dhiatesis tanduk bisa diperang dadi 4, ekatransitif, dwitransitif, semitransitif, lan taktransitif. Dhiatesis tanggap diperang
dadi 4, ekatransitif, dwitransitif, semitransitif, lan taktransitif. Dhiatesis baliangga iperang dadi 3, ekatransitif, semitransitif, lan taktransitif. Dhiatesis tanggap-tarung diperang dadi 2, semitransitif, lan taktransitif. Tengere aspek pungtiliar telis yaiku nduweni titik terminal potensial, titik terminal aktual, lan ana aspek wis kang atesi tembung kriya.
Tembung wigati:
aspek pungtiliar telis, dhiatesis tanduk, dhiatesis tanggap, dhiatesis baliangga, dhiatesis tanggap-tarung, triaspek sintaksis.
Downloads
Downloads
Published
How to Cite
Issue
Section

