TINDAK TUTUR LOKUSI NGANDHARAKE LAN PERLOKUSI DIREKTIF SAJRONE PAMAOSAN FRMAN ING GKJW JATIWRINGIN

Authors

  • YOSEPH VISCHA PRINANDA
  • MURDIYANTO

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%25p

Abstract

Tindak tutur ngandharake yaiku salah siji pamerange tindak tutur lokusi sing gunane kanggo
ngandharake tuladhane sajrone pamaosan firman. Tindak tutur perlokusi direktif yaiku tindak tutur
perlokusi kang ngasilake efek arupa tindakan kang ditindakake dening panutur kang disebutake sajrone
tuturane sacara langsung lan ora langsung kanggo mangaribawani mitra tutur. Sumber dhata sajrone
panliten iki arupa tuturan kang dituturake dening pamaos firman lan saka Alkitab. Sumber dhata sajrone
skripsi iki kadadeyan saka Ibadah saben minggu ing GKJW Jatiwringin wiwit tanggal 01 Januari 2018 nganti
27 Juni 2018.
Underane panliten iki yaiku (1) Apa wae jinise tindak tutur lokusi ngandharake sajrone pamaosan
firman adhedhasar lageyane panutur ing GKJW Jatiwringin? (2) Apa wae isine Tindak Tutur lokusi
ngandharake sajrone pamaosan firman adhedhasar panampane mitra tutur ing GKJW Jatiwringin? (3)
Kepriye Tindak Tutur Perlokusi direktif kang digunakake sajrone pamaosan firman ing GKJW Jatiwringin?.
Adhedhasar punjere panliten kasebut tujuwane panliten iki yaiku njlentrehake jenis tindak tutur lokusi
ngandharake, isine tindak tutur lokusi ngandharake, lan tindak tutur perlokusi direktif sajrone pamaosan
firman adhedhasar lageyane panutur ing GKJW Jatiwringin.
Jinise panliten iki yaiku deskriptif introspektif. Asil panliten yaiku TTLNLPD sajrone pamaosan
firman ing GKJW Jatiwringin adhedhasar lageyane penutur cara blaka lan cara ora blaka. Asil panliten
adhedhasar isi tuturan ana lima yaiku nuturi, mbiwarakake, martakake, nuduhake lan nyritakake, lan uga
wujude tindak tutur perlokusi direktif.
Kata kunci: Lokusi Ngandharake, Perlokusi Direktif, Pamaosan Firman.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-11-07

How to Cite

VISCHA PRINANDA, Y., & MURDIYANTO. (2018). TINDAK TUTUR LOKUSI NGANDHARAKE LAN PERLOKUSI DIREKTIF SAJRONE PAMAOSAN FRMAN ING GKJW JATIWRINGIN. Jurnal Online Baradha, 4(4). https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 88 , PDF Downloads: 276