TANDHA-TANDHA AKHIR JAMAN SAJRONE TEKS SINGIR KIYAMAT (TINTINGAN FILOLOGI)

Authors

  • UMI AZIZAH
  • SUWARNI

DOI:

https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%25p

Abstract

Reriptan Jawa mujudake asil karya para pangripta kang medharake akehe kadadeyan ing bebrayan. Salah sawijine asil karya kasebut yaiku teks Singir Kiyamat. Teks Singir Kiyamat ngandharake kadadeyan-kadadeyan nalika dina kiyamat. Kamangka, panliten iki nduweni kanthi irah-irahan tandha-tandha akhir jaman sajrone teks Singir Kiyamat. Underaning prakara kang kapilih sajrone panliten yaiku: (1) kepriye dheskripsi teks Singir Kiyamat, (2) kepriye suntingan teks sajrone teks Singir Kiyamat, (3) kepriye tandha-tandha akhir jaman sajrone teks Singir Kiyamat. Tujuwan saka panliten yaiku: (1) ngandharake dheskripsi teks Singir Kiyamat,(2) ngandharake suntingan teks sajrone teks Singir Kiyamat, (3) ngandharake tandha-tandha akhir jaman sajrone teks Singir Kiyamat. Panliten iki dikarepake bisa nduweni paedah kanggo panliti sastra Jawa anyar utawa sastra Jawa klasik kang nggunakake tintingan filologi, sarta bisa kanggo kawruh tumrap pamaca kang sadurunge durung magerteni ngenani kawruh kang kinandhut sajrone teks Singir Kiyamat. Kanggo ngonceki undheraning panliten ngenani teks Singir Kiyamat iki nggunakake tintingan filologi, lan tandha-tandha ing dina kiyamat. Teori kang digunakake yaiku teori filologi modern lan struktur puisi. Konsep tandha-tandha digunakake kanggo medharake isi kang kinandhut sajrone teks Singir Kiyamat. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif analitik. Teori kang digunakake yaiku hermeneutika kanthi napsirake makna kang ana sajrone teks. Dhata-dhata sajrone panliten iki dikumpulake kanthi cara diwenehi tetenger nganggo tulisan ketik kang werna-werna rupane. Asiling panliten nuduhake dheskripsi naskah, suntingan teks, sarta isine teks. Tandha-tandha sajrone teks Singir Kiyamat iki mung ana tandha-tandha ing padhang makhsyar kaperang dadi nem yaiku panase dina kiyamat, kumpule makhluk marang suwarga, jumenenge traju sipate gendera Akhmad, ngadege akehe gendera, ngadege makhluk, majinge kewan marang suwarga. Tembung wigati: filologi, teks singir kiyamat.

Downloads

Download data is not yet available.

Downloads

Published

2018-12-06

How to Cite

AZIZAH, U., & SUWARNI. (2018). TANDHA-TANDHA AKHIR JAMAN SAJRONE TEKS SINGIR KIYAMAT (TINTINGAN FILOLOGI). Jurnal Online Baradha, 4(4). https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%p

Issue

Section

Articles
Abstract views: 45 , PDF Downloads: 58