WANITA MANDHIRI SAJRONE NOVEL RINGIN GARING ANGGITANE TULUS SETIYADI (TINTINGAN FEMINIME)
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%25pAbstract
Novel Ringin Garing anggitane Tulus Setiyadi minangka reriptan sastra kang nggambarake panguripane kenyakang minggat saka omah nanging kasil dadi juragan. Novel kasebut mujudake reriptan sastra Jawa Modern kang menehi
gambaran ngenani wanita mandhiri tanpa gumantung marang priya lan wong tuwa. Mula novel kasebut bakal
digunakake minangka objek panliten. Paedahe panliten iki kanggo nambah kawruh sajrone nliti karya sastra, uga
dikarepake bisa menehi pamawas kang linuwih mliginine ngenani reriptan sastra kanthi tintingan feminisme. Panliten
iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Dhatane panliten iki arupa tembung lan ukara kang sesambungan karo
underane panliten. Tatacara nglumpukake dhata nggunakake metodhe studi kapustakan yaiku maca, nyathet lan riset
kapustakan. Tatacara ngolah dhata nggunakake metodhe dheskriptif analisis. Asil panliten iki yaiku ngandharake anane
titikan-titikan dadi wanita mandhiri lan cara paraga utama mungkasi prakarane tanpa gumantung marang liyan.
Tembung wigati: Wanita mandhiri lan feminisme
Downloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2018-12-13
How to Cite
NURHAYATI, N., & NUR HASAN, L. (2018). WANITA MANDHIRI SAJRONE NOVEL RINGIN GARING ANGGITANE TULUS SETIYADI (TINTINGAN FEMINIME). Jurnal Online Baradha, 4(4). https://doi.org/10.26740/job.v4n4.p%p
Issue
Section
Articles

