TINTINGAN FILOLOGI SERAT CENDRAGENI
DOI:
https://doi.org/10.26740/job.v5n5.p%25pAbstract
Naskah kuno mujudake salah siji warisan budaya Jawa sing njerone ngandhut piwulangan-piwulangan wigati jaman kawuri. Salah sijin naskah kuno yaiku Serat Candrageni sing kalebu salah siji asil kasusastran Jawa anyar. Serat iki ngandharake kaweruh bab tetembungan pangraken taun candrasengkala/ sengkalan. Saperangan bab kang bakal diandharna ing panliten iki antarane: (1) kepriye wujude naskah Serat Candrageni?, (2) kepriye suntingan teks Serat Candrageni?, (3) bab apa wae sing diemot sajrone Serat Candrageni?. Ancas panliten iki kanggo njelentrehake wujud lan suntingan teks Serat Candrageni. Saliyane iku kanggo medhar kawruh bab sengkalan sajrone serat.Panliten iki nggunakake pamarkan filologi, kanthi nggunakake edhisi kritis. Kanggo mahami isi sing diandharna sajrone naskah, panliti ngetrapake metodhe hermeneutika/tafsiran. Asil saka deskripsi teks diweruhi dene Serat Candrageni iki wujude gancaran sing kahanane isih apik. Suntingan teks ngasilake 135 tembung sing dilebokake sajrone kritik teks, dene miturut pamawase panliti ana 91 tembung sing prelu dikomentari. Saliyane iku panliten iki uga neliti bab-bab kang diemot sajrone Serat Candrageni. Serat iki ngemot kawruh ngengengi tembung sengkalan. Kawruh bab sengkalan banjur diperang dadi telu yaiku angka-angka sengkalan, landhesan panggolongan angka, lan kapercayan tradisi Hindu.Tembung wigati : Sengkalan, Serat CandrageniDownloads
Download data is not yet available.
Downloads
Published
2018-12-17
How to Cite
FITRIANA, R., & SUWARNI. (2018). TINTINGAN FILOLOGI SERAT CENDRAGENI. Jurnal Online Baradha, 5(5). https://doi.org/10.26740/job.v5n5.p%p
Issue
Section
Articles

