ASPEK EKOLOGIS SAJRONE NOVEL GEGER WONG NDEKEP MACAN ANGGITANE HARI SOEMOYO (TINTINGAN EKOKRITIK GREG GARRARD)

  • LAILA FAJRIYATIN ASSADIYAH
  • BAMBANG PURNOMO

Abstract

Novel Geger Wong Ndekep Macan anggitane Hari Soemoyo mujudake novel kang nggunakake basa Jawa-Ngapak lan kalebu jinis novel ekologis. Novel kasebut nyritakake sesambungan antarane manungsa, kewan, tetuwuhan klawan lingkungan kang diwujudake kanthi anane gegambarane masyarakat Gegerbuta sing nengenake pranatan urip back to nature. Panliten iki nduweni ancas yaiku (1) ngandharake wujud narasi ekologis; (2) ngandharake wujud ekokritik; lan (3) ngandharake wujud ajining pribadi samadyaning bebrayan.Asile panliten iki nuduhake yen novel GWNM anggitane Hari Soemoyo kalebu novel ekologis kang ngemot maneka aspek ekologis. Aspek-aspek ekologis kasebut nengenake wujud kawigatene para paraga tumrap lingkungan lan derdah ngenani lingkungan sing ana sajrone crita. Wujud kawigatene paraga diperang dadi telung perangan yaiku (1) pangolahe alam kang berwawasan lingkungan; (2) pangolahe alam asipat berkelanjutan; lan (3) pangolahe alam adhedhasar prinsip ekoefisiesni, dene derdah sajrone crita kaperang dadi rong perangan yaiku derdah virus biologis lan derdah kobongan. Asile panliten sabanjure nuduhake dene wujud ekokritik kaperang dadi telu yaiku wigatine lingkungan tumrap panguripane manungsa, ngrusak lingkungan lan pranatan urip sing sarwa modern. Kejaba rong bab kasebut, asile panliten iki uga ngandharake wujud ajining pribadi samadyane bebrayan sing diperang ana nilai ngucap rasa sokur, sabar lan nrima, tulung-tinulungTembung wigati: aspek ekologis, ekokritik, pranatan urip back to nature, organik
Published
2018-12-17
How to Cite
FAJRIYATIN ASSADIYAH, L., & PURNOMO, B. (2018). ASPEK EKOLOGIS SAJRONE NOVEL GEGER WONG NDEKEP MACAN ANGGITANE HARI SOEMOYO (TINTINGAN EKOKRITIK GREG GARRARD). JOB (Jurnal Online Baradha), 5(5). https://doi.org/10.26740/job.v5n5.p%p
Section
Articles
Abstract Views: 38
PDF Downloads: 73